Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WAHYU 10:3 - Kitab Sutji

3 Malaekat mau nguwuh kalawan swara seru kaya panggeroning singa. Sawuse iku nguwuh, ngludhug pitu banjur padha nyuwara.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WAHYU 10:3
16 Iomraidhean Croise  

Swantene Sang Yehuwah ana ing sadhuwuring banyu, Gusti Allah kang mulya gumludhug, Sang Yehuwah ing sadhuwuring banyu gedhe.


Dukaning ratu iku kaya panggerone singa anom, nanging kabecikane iku kaya ebun kang tumiba ing pasuketan.


Awit mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku: “Kayadene singa utawa singa enom kang gereng-gereng ngukuhi memangsane, lan ora kaget krungu gembar-gembore pangon sagolongan kang dikumpulake arep nglawan, sarta ora mundur dening ramene, iya mangkono bakal tumedhake Pangeran Yehuwah Gustining sarwa dumadi lan banjur perang ngekahi gunung Sion lan tenggere.


Pangeran Yehuwah majeng perang kayadene gegedhug, kayadene prajurit anggone nggigah semangate perang; Panjenengane surak-surak, malah nguwuh-uwuh, marang para mungsuhe, Panjenengane nedahake kaprawirane.


Panggerone kaya singa wadon, padha nggero kaya singa enom; padha gereng-gereng banjur ndekep mangsane, nuli kagondhol mlayu lan ora ana kang nguwalake.


Sakehing pangandika iku sira wedharna marang para wong iku, sarta sira mratelakna mangkene: Sang Yehuwah bakal nggretak saka ing ngaluhur lan ngulukake swantene saka ing padalemane kang suci; Panjenengane bakal ngumbar suwanten marang pangenane, bakal mbengok kaya pambengoke para juru ngiles anggur, kang tumuju marang wong saisining bumi.


Swaraning swiwine kerub iku keprungu nganti tekan ing plataran ing jaba kaya swaraning Allah Kang Mahakwasa manawa ngandika.


Wong-wong iku bakal padha manut marang Pangeran Yehuwah, Pangeran bakal nggero kaya singa. Sanyata, Panjenengane bakal nggero, para putra nuli bakal padha sowan saka ing sisih kulon kanthi gumeter,


Pangeran Yehuwah bakal nggero saka ing Sion, ngumandhangake swarane saka ing Yerusalem, langit lan bumi gonjang-ganjing. Nanging Sang Yehuwah dadi pangungsen tumrap umate, lan dadi beteng tumrap wong Israel.


Pangandikane mangkene: “Yehuwah nggero saka ing Sion, sarta ngwedalake swarane saka ing Yerusalem, temah pangonan-pangonan padha garing, lan pucake gunung Karmel dadi alum.”


Singa wus nggero, sapa kang ora wedi? Pangeran Yehuwah Allah wus ngandika, sapa kang ora medhar wangsit?”


Aku banjur krungu swara saka ing langit kaya gumrojoging banyu akeh lan kaya gumlegere gludhug kang nggegirisi. Lan swara kang dakrungu iku kaya swarane panylempung-panylempung kang padha ngunekake clempunge.


Aku tumuli weruh pratandha liyane kang gedhe lan elok ana ing langit: ana malaekat pitu padha mbekta wewelak pitu kang wekasan, awit iku kang dadi pantoging bebenduning Allah.


Makluk siji ing antarane makluk papat mau tumuli ngulungake bokor mas pitu marang malaekat pitu mau, kabeh kebak isi bebenduning Allah kang gesang langgeng ing salawas-lawase.


Saka ing dhampar mau ana kilate kang metu lan swara gludhug kang gumleger, lan ing ngarepe dhampar ana obor pitu kang padha murub: yaiku Rohe Gusti Allah pepitu.


Malaekat mau tumuli mundhut padupan mas iku, diiseni geni saka ing misbyah, lan geni iku banjur diuncalake marang ing bumi. Tumuli ana swara gumlegering gludhug, bareng lan bledheg sarta lindhu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan