Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WAHYU 10:1 - Kitab Sutji

1 Aku tumuli weruh malaekat liyane kang prakosa tumedhak saka ing swarga, asingep mega, lan ing sadhuwuring mustakane ana kluwunge, wedanane kaya srengenge, sampeyane kaya tugu geni.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WAHYU 10:1
28 Iomraidhean Croise  

ingkang yasa kamar-kamar panggungan Paduka wonten ing toya, ingkang ndadosaken mega dados titihan Paduka, ingkang tindak ing luhuring swiwinipun angin,


Panjenengane kubengan ing mega lan pepeteng, kaadilan lan angger-angger kang dadi tetalesing dhampare.


Kacarita nalika sapasamuwane Israel lagi dipangandikani dening Rama Harun, tumuli padha madhep marang ing pasamunan, lah cahya kamulyaning Sang Yehuwah ngatingal ana ing megane.


Sampeyane iku saka marmer putih, tumumpang ing dhasar kancana murni. Sarirane kadya gunung Libanon, pinilih kaya wit anjir.


Wangsit tumrap Mesir. Lah Sang Yehuwah nitih mega kang rikat lan tedhak menyang ing tanah Mesir; para brahala ing Mesir padha gumeter ana ing ngarsane, lan atine wong Mesir remuk ana ing badane.


Kaanan iku tumrap Ingsun kaya ing jamane Nuh: kayadene anggoningSun wus supaos marang dheweke manawa banyu ora bakal nutupi bumi maneh, mangkono uga Ingsun iya wus supaos manawa Ingsun ora bakal duka maneh marang sira lan ora bakal mbendoni sira maneh.


Paduka singeban mendhung, satemah pandonga kawula boten saged nembus.


Kayadene kluwung kang ing mangsa udan katon ana ing mendhung, iya kaya mangkono iku katone sunar kang ngubengi. Kaya mangkono katone gambaring kamulyane Pangeran Yehuwah. Bareng aku ndeleng iku aku banjur nyembah sujud, sarta krungu swaraning Panjenengane kang medhar pangandika.


Sarirane kaya sesotya Tarsis sarta pasuryane kaya cahyaning kilat; paningale kaya obor murub; astane lan sampeyane gumilap kaya tembaga ginebeg, sarta swantening pangandikane kaya gumuruhe wong akeh.


Ing sajroning wahyu ing bengi iku aku terus bae anggonku ndeleng; banjur ana kang rawuh nitih mega saka ing langit, kaya Putraning Manungsa, kang nuli sowan marang ing ngarsane Kang sepuh ing Yuswa mau lan iya banjur kairid sowan ing Panjenengane,


Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa mau mangkene: “Sira ndhawuhana marang Harun, kakangira, aja nganti saben wektu lumebu menyang ing pasucen ing saburine geber, ing ngarepe tutup pangruwatan kang ana ing dhuwur pethi, supaya aja nganti nemahi pati, awitdene Ingsun ngatingal ana ing mega ing sadhuwure tutup pangruwatan.


Gusti Yesus banjur katon santun cahya ana ing ngarepe para sakabat mau, pasuryane mancorong kaya srengenge, sarta pangagemane putih sumorot kaya pepadhang.


Ing nalika iku wong bakal padha nyumurupi Putraning Manungsa rawuh nitih mega, ngagem panguwasa lan kamulyan gedhe.


dumadakan, dhuh, Sang Prabu Agripa, nuju ing wanci tengange, wonten ing tengah margi punika kawula sumerep cahya ingkang nglangkungi padhanging surya, tumurun saking langit ingkang lajeng nglimputi kawula saha kanca-kanca sesarengan kawula.


Kawruhana, Panjenengane rawuh nitih mega lan saben mripat bakal ndeleng Panjenengane, dalah wong kang wus padha nyubles Panjenengane. Sarta sakehing bangsa ing salumahing bumi bakal sambat-sambat marga saka Panjenengane. Iya, Amin.


Sawuse mangkono, aku weruh malaekat liyane tumedhak saka ing swarga. Malaekat mau kagungan panguwasa gedhe sarta bumi dadi padhang marga saka kamulyane.


Tumuli ana malaekat kang prakosa, ngangkat watu kang gedhene sawatu panggilingan, banjur kajegurake ing sagara, pangandikane: “Iya kaya mangkono iku kutha gedhe Babil, bakal kauncalake mangisor sarosane, lan banjur ora bakal ketemu maneh.


Aku tumuli weruh ana malaekat tumedhak saka ing swarga ngasta kuncine jurang lan rante gedhe ing astane;


Kang lenggah ing dhampar iku sawangane kaya sesotya yaspis lan sardhis; lan ing saubenge dhampar ana kluwunge kang katon sumunar kaya jumerud.


Tumuli aku weruh malaekat kang prakosa nguwuh-uwuh kalawan swara sora: “Sapa kang sembada ngudhari gulungan kitab iku lan ngletheki segele?”


Aku banjur weruh, lan krungu sawijining manuk garudha mabur ing satengahing langit lan ngucap kanthi swara seru: “Bilai, bilai, bilai wong kang manggon ana ing bumi awit saka swarane kalasangkane malaekat telu liyane, kang isih bakal ngungelake kalasangkane.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan