Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WAHYU 1:8 - Kitab Sutji

8 “Ingsun iki Sang Alfa lan Sang Omega, Pangandikane Gusti Allah kang ana, lan kang wus ana, sarta kang bakal rawuh, kang Mahakuwasa.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WAHYU 1:8
29 Iomraidhean Croise  

Nalika Rama Abram yuswa sangang puluh sanga taun, diketingali dening Sang Yehuwah sarta kadhawuhan mangkene: “Ingsun iki Allah Kang Mahakawasa, sira lumakua ana ing marginingSun lan ditanpa cacad.


Gusti Allah Kang Mahakawasa muga mberkahana kowe, lan didadekna bebranahan tangkar-tumangkara supaya dadi golonganing bangsa.


Sarta dipangandikani maneh dening Gusti Allah mangkene: “Ingsun iki Allah Kang Mahakawasa, sira bebranahana lan tangkar-tumangkara; ana bangsa, malah golonganing bangsa kang bakal dumadi saka sira, lan bakal ana raja-raja kang asale saka sira.


Gusti Allah Kang Mahakuwaos muga karsaa ngosikake panggalihe panggedhe mau satemah kowe padha oleh kawelasan, supaya nglilanana sadulurmu sijine karo Benyamin padha mulih bareng salakumu. Dene mungguh aku iki, manawa meksa kudu kelangan anak-anakku, iya wis kareben kelangan.”


Rama Yakub banjur ngandika marang Sang Yusuf: “Gusti Allah Kang Mahakawasa, wus ngatingali aku ana ing Lus ing tanah Kanaan lan mberkahi aku,


marga saka Allahe bapakmu kang bakal mitulungi kowe, lan marga saka Kang Mahakawasa kang mberkahi kowe, klawan berkah kang luber saka ing langit dhuwur, berkah saka telenging samodra kang ana ing ngisor, berkah saka ing payudara lan guwa-garba.


Pangandikane Gusti Allah marang Sang Musa: “INGSUN ANA KANG ANA.” Pangandikane maneh: “Tuturira marang wong Israel mangkene: INGSUN ANA iku kang ngutus aku nemoni kowe.”


Karodene Ingsun ora mung damel prasetyan karo leluhurira iku, yen bakal Sunparingi tanah Kanaan, tanah panggonane neneka,


Sapa kang nglakoni lan nindakake iku kabeh? Panjenengane, kang wiwit biyen mula nimbali para turuning manungsa, Ingsun, Yehuwah, kang dhisik dhewe, tuwin tumrap para wong kang keri dhewe, Ingsun tetep Panjenengane iku uga.


“Sira iki padha dadi seksiningSun,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, “tuwin abdiningSun kang wus Sunpilih, supaya sira padha sumurup lan kumandel marang Ingsun lan mangreti, manawa Ingsun iki tetep Panjenengane. Sadurunge Ingsun ora ana Allah kang jumeneng, sarta sawuse Ingsun bakal ora ana liyane maneh.


Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, Ratu lan Juru Panebuse Israel, Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi: “Ingsun iki kang kawitan lan iya Ingsun iki kang wekasan, ora ana Allah liyane kajaba Ingsun.


“Rungokna Ingsun, he Yakub, lan sira Israel kang Suntimbali! Ingsun iki tetep ora owah-owah, Ingsun iki kang kawitan, lan uga Ingsun kang wekasan!


Gedhe pangwaose, tuwin tentrem rahayu bakal tanpa wekasan ana ing dhampare Sang Prabu Dawud lan ana ing karajane, awit iku kadhasarake lan kasantosakake kalawan kaadilan lan kabeneran wiwit saiki nganti ing salawas-lawase. Adrenging panggalihe Pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah bakal nindakake iki.


Calathune wong kang krungu sabdane Gusti Allah, kang ndeleng wahyune Kang Mahakawasa kambi lumah-lumah, nanging kabuka mripate.


Lan Ingsun bakal dadi Ramanira, sarta sira bakal padha dadi putraningSun lanang lan wadon. Mangkono pangandikane Pangeran, Kang Mahakuwasa.”


pangandikane: “Apa kang sira deleng, iku tulisana ing kitab lan kirimna marang pasamuwan pepitu iki: marang Efesus, marang Smirna, marang Pergamus, marang Tiatira, marang Sardhis, marang Filadhelfia lan marang Laodhikia.”


Nalika weruh Panjenengane, aku tumuli ambruk ana ing ngarsaning sampeyane kaya wong mati; nanging aku banjur ditumpangi astane kang tengen, banjur ngandika: “Aja wedi! Ingsun iki Kang Wiwitan lan Kang Wekasan,


Saka Yokanan marang pasamuwan pepitu kang ana ing tanah Asia-Cilik: Sih-rahmat lan tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh, saka Panjenengane, kang ana lan kang wus ana sarta kang bakal rawuh, apadene saka roh pepitu kang padha ana sangareping dhampar,


unjuke, “Dhuh Pangeran, Gusti Allah ingkang Mahakuwaos, ingkang wonten, saha ingkang kala rumiyin wonten, kawula sami saos sokur dhumateng Paduka, amargi Paduka sampun ngagem panguwaos Paduka ingkang agung saha sampun wiwit ngasta kaprabon.


Wong-wong iku padha ngidungake kidunge Nabi Musa, abdine Gusti Allah, lan kidunge Sang Cempe, unine: “Agung saha elok pakaryan Paduka, dhuh Pangeran, Allah ingkang Mahakuwaos! Adil saha leres margi Paduka punika, dhuh Ratunipun sadaya bangsa!


Yaiku roh-roh setan kang nganakake mukjijat-mukjijat, kang padha lunga nggoleki ratu-ratu saindenging jagad, padha diklumpukake diajak perang ing dina kang wingit, yaiku dinane Gusti Allah kang Mahakuwaos.


Apadene aku krungu misbyah ngucap mangkene: “Dhuh Pangeran, Allah, Ingkang Mahakuwaos, leres lan adil sadaya pangadilan Paduka punika.”


Ing tutuke metu pedhange kang landhep, kang bakal disabetake marang sakehing bangsa. Dene Panjenengane kang bakal ngengen kalawan lantaran wesi lan bakal meres anggur ana ing pamipitan anggur yaiku bebenduning dukane Gusti Allah, Kang Mahakuwaos.


Aku banjur krungu kaya swarane wong golongan gedhe, kaya gumrojoging banyu akeh lan kaya swarane gludhug kang banter, tembunge: “Haleluya! Dene Pangeran, Allah kita, Kang Mahakuwaos, wus jumeneng raja.


“Lan nulisa marang malaekate pasamuwan ing Smirna: Iki pangandikane Sang Awal lan Sang Akhir, kang wus seda lan gesang maneh:


Lan ana ing kono iku aku ora weruh Padaleman Suci; amarga Pangeran Allah, Gusti kang Mahakuwaos iku Padaleman Suci, mangkono uga Sang Cempe.


Sarta aku dipangandikani maneh mangkene: “Samubarang kabeh wus kalakon. Ingsun iki Sang Alfa lan Sang Omega, Kang Murwani lan Kang Mungkasi. Wong kang ngelak bakal Sunparingi ngombe kanthi lelahanan saka tuking banyu kauripan.


Ingsun iki Sang Alfa lan Sang Omega, Kang Murwani lan Kang Mungkasi, Kang Wiwitan lan Kang Wekasan.


Makluk papat mau siji-sijine ana suwiwine ngenem, ing saubenge lan ing jerone padha kebak mripat, lan rina-wengi tanpa leren anggone ngucap mangkene: “Suci, suci, suci Pangeran Allah, ingkang Mahakuwasa, ingkang rumiyin wonten, ing samangke wonten, saha ingkang badhe rawuh.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan