Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WAHYU 1:7 - Kitab Sutji

7 Kawruhana, Panjenengane rawuh nitih mega lan saben mripat bakal ndeleng Panjenengane, dalah wong kang wus padha nyubles Panjenengane. Sarta sakehing bangsa ing salumahing bumi bakal sambat-sambat marga saka Panjenengane. Iya, Amin.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WAHYU 1:7
36 Iomraidhean Croise  

Samangsa nyenyuwun marang Gusti Allah, Panjenengane iya karsa midhangetake, temah ndeleng wadanane kalawan suka-pirena, lan Gusti Allah banjur mangsulake kabenerane marang manungsa.


kakiyatan kawula garing kados beling, ilat kawula kraket ing cethak kawula, sarta Paduka ingkang nyelehaken kawula wonten ing lebuning pejah.


Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud. Kidungan.


Panjenengane kubengan ing mega lan pepeteng, kaadilan lan angger-angger kang dadi tetalesing dhampare.


Wangsit tumrap Mesir. Lah Sang Yehuwah nitih mega kang rikat lan tedhak menyang ing tanah Mesir; para brahala ing Mesir padha gumeter ana ing ngarsane, lan atine wong Mesir remuk ana ing badane.


Ing sajroning wahyu ing bengi iku aku terus bae anggonku ndeleng; banjur ana kang rawuh nitih mega saka ing langit, kaya Putraning Manungsa, kang nuli sowan marang ing ngarsane Kang sepuh ing Yuswa mau lan iya banjur kairid sowan ing Panjenengane,


Pangeran Yehuwah iku gedhe sabare lan pinunjul pangwaose, nanging ora pisan-pisan wong kang salah linuputake saka ing paukuman. Panjenengane tindak ana ing sajroning lesus lan prahara, sarta mendhung iku lebuning sampeyane.


“Ingsun bakal ngesokake rohing sih-rahmat lan rohing panyuwunan marang brayate Dawud lan para wong isine Yerusalem, satemah iku bakal padha mandeng marang kang wus katuwek dhewe lan bakal nangisi kang disuduk mau, patrape kaya nangisi anak ontang-anting lan nangis kelara-lara, patrape kaya nangisi anak pambarep.


Ing wektu iku patangisan ing Yerusalem bakal kaya pangadhuhe Hadad-Rimon ana ing lebak Megido.


Panjenengane dakdeleng, nanging ora saiki, dakawasake, nanging ora ana ing cedhakan, ana lintang njedhul saka Yakub, ana teken keprabon jumedhul saka ing Israel, iku ngremuk pilingane Moab, sarta nggempur marang sakehing turune Set.


Awit Putraning Manungsa bakal rawuh ngagem kamulyane Ingkang Rama, ginarebeg ing para malaekate; ing nalika iku Panjenengane bakal ngganjar marang sawiji-wijining wong manut panggawene.


Satemene Aku pitutur marang kowe: Wong-wong kang padha ana ing kene iki ana kang ora bakal padha mati, sadurunge sumurup Putraning Manungsa rawuh ing kratone.”


Ing nalika iku bakal katon tandhane Putraning Manungsa ana ing langit lan sakabehing bangsa ing salumahing bumi bakal padha ngadhuh-adhuh, banjur padha ndeleng Putraning Manungsa rawuh nitih meganing langit, kalawan ngasta panguwasa lan kamulyan gedhe.


“Besuk manawa Putraning Manungsa rawuh ngagem kamulyane lan sakabehing malaekat padha ndherekake, Panjenengane banjur lenggah ing dhampar kamulyan.


Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kowe wis ngarani. Nanging Aku kandha marang kowe kabeh: Wiwit saiki kowe bakal ndeleng Putraning Manungsa lenggah ing satengene Kang Maha Kuwasa lan rawuh nitih meganing langit.”


Ing nalika iku wong bakal padha weruh Putraning Manungsa rawuh nitih mega kalawan ngagem sakabehing panguwasa lan kamulyane.


Paring wangsulane Gusti Yesus: “Iya Aku iki Panjenengane, lan kowe kabeh bakal padha ndeleng Putraning Manungsa lenggah ing satengene Kang Mahakuwasa lan rawuh nitih meganing langit.”


Ing nalika iku wong bakal padha nyumurupi Putraning Manungsa rawuh nitih mega, ngagem panguwasa lan kamulyan gedhe.


ewasamono salah sijining prajurit panunggalane iku njojoh lambunge Gusti Yesus kalawan tumbak, temah sanalika metu getihe lan banyune.


Lan ana tulisan maneh kang mratelakake: “Wong-wong bakal padha nyawang marang Panjenengane, kang wus dijojoh.”


apadene nganti-anti rawuhe Kang Putra saka ing swarga, kang wus diwungokake saka ing antarane wong mati, yaiku Gusti Yesus, kan ngluwari kita saka ing bebendu kang bakal teka.


Sawise mangkono kita kang isih urip, kang isih kari, bakal padha kapulung bareng karo kang mentas tangi mau ana ing mega, methukake Gusti menyang ing awang-awang. Mangkono sabanjure kita bakal nunggal kalawan Gusti ing salawase.


Mendah saya abote paukuman kang kudu kasangga dening wong kang ngidak-idak Putraning Allah, sarta kang nganggep najis marang rahing prajanjian kang nucekake, tuwin ngremehake Rohing sih-rahmat.


nanging kang padha murtad maneh, iku ora bisa dianyarake sapisan engkas, satemah padha mratobat, amarga prasasat nyalib Putrane Allah maneh kanggo awake dhewe, sarta ngremehake Panjenengane ing ngarepane wong akeh.


He, para kekasih, saiki kita padha dadi putraning Allah, ananging durung cetha kapriye bakal kaanan kita ing tembe. Mung bae kita padha sumurup, manawa Sang Kristus ngatingal, kita bakal dadi padha karo Panjenengane, amarga kita bakal padha ndeleng kaanane Panjenengane ing sajatine.


Mungguh ing wong-wong iku, iya wis ana pamecane Sang Henokh, turun kang kapitu saka Bapa Adam, wiraose: “Lah Pangeran rawuh ginarebeg ing abdine para suci puluhan ewu


Kang nglairake paseksen bab iki mau kabeh ngandika mangkene: “Iya, Ingsun enggal rawuh!” Amin, inggih Gusti Yesus, Paduka mugi rawuh!


lan bakal padha nyawang pasuryane lan bathuke bakal padha kacirenan Asmane.


Kados makaten anggenipun sakathahing mengsah Paduka, badhe sirna, dhuh Yehuwah! Nanging wong kang nresnani Panjenengane iku pindha surya kang mlethek kalawan kamulyane. Nagara kono tumuli tentrem patang puluh taun lawase.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan