Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WAHYU 1:3 - Kitab Sutji

3 Rahayu wong kang macakake lan para wong kang ngrungokake pangandika pamedhar wangsit iki sarta kang netepi apa kang katulisan ing jerone, awit wektune wis cedhak.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WAHYU 1:3
15 Iomraidhean Croise  

Rahayu wong kang ngrungokake sadhawuhingSun, kang sadina-dina caos ana ing lawangingSun, lan jaga ana ing pipining gapuraningSun.


Pangandikane Nabi Yeremia marang Sang Seraya: “Manawa kowe tekan ing Babil, mbudidayaa, supaya kowe bisa macakake sakehing pangandika iki,


“Anadene manawa kowe padha weruh pangrusak kang ambeksiya ngadeg ana ing papan suci, miturut pangandika kang kadhawuhake lumantar Nabi Dhaniel – sing sapa maca migatekna –


Nanging Gusti Yesus banjur ngandika: “Kang rahayu iku wong-wong kang padha ngrungokake pangandikaning Allah lan digatekake.”


Prakara iki kudu koktindakake, awit padha sumurup kaanane wektu saiki, yaiku yen wis wancine kowe padha tangi. Sabab saiki karahayon wus luwih cedhak tumrap kita, katimbang karo nalikane kita lagi padha manjing pracaya.


Iki wus lingsir wengi, wus meh raina. Mulane payo kita padha ngrucat sakehing pratingkahing pepeteng, lan padha asikep gegamaning pepadhang!


Kawusanane samubarang kabeh wis cedhak. Marga saka iku dibisa ngemudheni dhirimu sarta disareh, supaya kowe padha bisa ndedonga.


Mung bae para kekasih, kowe aja padha kelalen prakara siji iki, yaiku yen ing ngatase Pangeran sadina iku prasasat sewu taun sarta sewu taun prasasat sadina.


Tumuli pangandikane maneh marang aku: “Pangandika wedharing wangsite kitab iki aja sira segel, awit wektune wus cedhak.


“Lah Ingsun bakal enggal rawuh, sarta ngasta ganjaraningSun, kagawe males marang sawiji-wijining wong miturut sapanggawene.


Kang nglairake paseksen bab iki mau kabeh ngandika mangkene: “Iya, Ingsun enggal rawuh!” Amin, inggih Gusti Yesus, Paduka mugi rawuh!


Ingsun bakal dumrojog rawuh. Apa kang sira duweni iku kukuhana, supaya aja ana wong kang ngepek makuthanira.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan