Panjenengan dalem punika ingkang bagus piyambak wonten ing antawising sakathahing para anakipun manungsa, lathi dalem kesokan ing kamirahan, pramila panjenengan dalem sampun dipun berkahi dening Gusti Allah ing salami-laminipun.
Nanging bakal ngakimi para wong sekeng kalawan kaadilan, sarta bakal ndhawahake putusan tumrap para wong kang katindhes ana ing nagara kono kalawan kajujuran; anggone ngrangket bumi kalawan pangandikane kayadene kalawan lantaran, tuwin kalawan napasing lesane anggone bakal nyirnakake wong duraka.
Rembulan purnama bakal rumangsa isin, lan srengenge kang panase ngedab-edabi bakal nandhang wirang, amarga Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah bakal ngasta paprentahan ana ing gunung Sion lan ing Yerusalem, sarta bakal ngatingalake kamulyane ana ing ngarepe para pinituwane umate.
TutukingSun kadamel kaya pedhang kang landhep lan Ingsun kaayoman ana ing aubing astane. Ingsun kadadekake panah kang lincip lan kadhelikake ana ing endhonge.
Wong-wong wicaksana bakal padha sumunar kaya cahyaning langit, tuwin kang wus nenuntun wong akeh marang kabeneran bakal kaya lintang ing salawas-lawase.
gedhene nganti tekan ing wewengkoning wadya-balaning langit lan wadya-balaning langit iku, yaiku lintang-lintang, ana sawatara kang katibakake ing bumi sarta banjur kaidak-idak.
Balik sira kang padha wedi marang asmaningSun, bakal padha kaplethekan padhanging srengenge kabeneran kang nggawa kawarasan ana ing swiwine. Sira bakal padha metu klawan lincak-lincak kaya pedhet kang metu saka ing kandhang.
Gusti Yesus banjur katon santun cahya ana ing ngarepe para sakabat mau, pasuryane mancorong kaya srengenge, sarta pangagemane putih sumorot kaya pepadhang.
dumadakan, dhuh, Sang Prabu Agripa, nuju ing wanci tengange, wonten ing tengah margi punika kawula sumerep cahya ingkang nglangkungi padhanging surya, tumurun saking langit ingkang lajeng nglimputi kawula saha kanca-kanca sesarengan kawula.
Sabab pangandikane Gusti Allah iku gesang lan santosa sarta luwih landhep tinimbang sakabehing pedhang kang landhep kiwa-tengen. Tumamane bebles nganti misahake nyawa lan roh, ros-rosan-ros-rosan lan sungsum; bisa mbedakake panimbang lan pangangen-angening ati kita.
Mungguh wadine lintang pitu kang sira deleng ana ing astaningSun tengen lan padamaran mas pitu iku mangkene: Lintang pitu iku malaekate pasamuwan pitu lan padamaran mas pitu iku pasamuwan pepitu.”
Aku tumuli weruh malaekat liyane kang prakosa tumedhak saka ing swarga, asingep mega, lan ing sadhuwuring mustakane ana kluwunge, wedanane kaya srengenge, sampeyane kaya tugu geni.
Ing langit tumuli katon tengeran gedhe: Ana wanita kang sinandhangan srengenge, lan rembulan ana ing sangisore tlapakane sarta nganggo makuthane lintang rolas ana ing sirahe.
Ing tutuke metu pedhange kang landhep, kang bakal disabetake marang sakehing bangsa. Dene Panjenengane kang bakal ngengen kalawan lantaran wesi lan bakal meres anggur ana ing pamipitan anggur yaiku bebenduning dukane Gusti Allah, Kang Mahakuwaos.
“Sira nulisa marang malaekate pasamuwan ing Efesus: Iki pangandikane kang ngasta lintang pepitu ing astane tengen lan kang mlampah-mlampah ing antarane padamaran mas pepitu iku.
Marga saka iku sira mratobata! Manawa ora mangkono, Ingsun bakal dumrojog ngrawuhi sira sarta Ingsun bakal nempuh perang marang wong-wong mau kalawan pedhang kang ana tutukingSun iki.
“Sira nulisa marang malaekate pasamuwan ing Sardis: Iki pangandikane kang kagungan Rohe Allah pitu lan lintang pitu iku: Ingsun ngudaneni ing panggawenira kabeh; sira kaaranan urip, mangka satemene mati!
Kados makaten anggenipun sakathahing mengsah Paduka, badhe sirna, dhuh Yehuwah! Nanging wong kang nresnani Panjenengane iku pindha surya kang mlethek kalawan kamulyane. Nagara kono tumuli tentrem patang puluh taun lawase.