Pangandikane marang aku: “Kowe ndeleng apa?” Atur wangsulanku: “Kula ningali padamaran mas bleg, wadhahipun lisah wonten ing perangan nginggil; padamaran punika wonten damaripun pitu, kaliyan malih ing nginggilipun damar satunggal-tunggalipun wonten torongipun pitu;
Sarta ing tengah-tengahe padamaran pitu mau ana kang madha warna Putraning Manungsa, ngagem jubah kang dawane nganti klengsreh tekan ing sampeyane, lan jajane apaningset emas.
Mungguh wadine lintang pitu kang sira deleng ana ing astaningSun tengen lan padamaran mas pitu iku mangkene: Lintang pitu iku malaekate pasamuwan pitu lan padamaran mas pitu iku pasamuwan pepitu.”
“Sira nulisa marang malaekate pasamuwan ing Efesus: Iki pangandikane kang ngasta lintang pepitu ing astane tengen lan kang mlampah-mlampah ing antarane padamaran mas pepitu iku.
Sawuse mangkono aku weruh: Lah, lawanging swarga ana kang menga sarta ana swara kang wus dakrungu biyen, ngandikani aku kaya swarane kalasangka, mangkene: “Sira munggaha mrene bakal Suntedahi apa kang sawuse iki pinesthi kalakon ing tembe.”