Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WAHYU 1:11 - Kitab Sutji

11 pangandikane: “Apa kang sira deleng, iku tulisana ing kitab lan kirimna marang pasamuwan pepitu iki: marang Efesus, marang Smirna, marang Pergamus, marang Tiatira, marang Sardhis, marang Filadhelfia lan marang Laodhikia.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WAHYU 1:11
37 Iomraidhean Croise  

Mulane saiki, sira mangkata, bab iku tulisen ing papan ana ing ngarepe mripate, lan sira cathetana ing kitab, supaya dadi paseksen kanggo ing mbesuk, nganti ing salawas-lawase.


“Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel: Sakehe pangandika kang Sundhawuhake marang sira iku tulisen ana ing buku.


Ing kono Pangeran Yehuwah banjur paring wangsulan marang aku mangkene: “Wahyu iku sira tulisana, kacathetana kang cetha ana ing papan-papan, supaya kenaa diwaca dening wong kang liwat.


Ana sawijining wong wadon panunggalane, jenenge Lidhia, kang melu ngrungokake. Iku dadi bakul kain wungu, pinangkane saka ing kutha Tiatira, wong kang bekti ing Allah. Atine wis binuka dening Gusti, mulane migatekake marang apa kang dipangandikakake dening Rasul Paulus.


Nalika samana ana ing sawijining wong Yahudi jenenge Apolos, asale saka ing kutha Aleksandria, teka ing Efesus. Iku wong kang micara lan putus ing Kitab Suci.


Marga saka iku Rasul Paulus banjur utusan wong saka Miletus menyang ing Efesus nimbali para pinituwane pasamuwan.


Yen ta cara manungsa, nalika ana ing Efesus aku nganti tarung karo kewan galak, bab iku apa ta paedahe mungguhing aku? Manawa wong mati padha ora katangekake, “payo padha mangan lan ngombe, awit sesuk kita padha mati.”


Nanging aku bakal leren ana ing Efesus nganti riyaya Pentekosta.


Saka Paulus, rasule Sang Kristus Yesus awit saka karsane Gusti Allah, marang para suci ing kutha Efesus, iya para wong kang padha pracaya ana ing Sang Kristus Yesus.


Mulane kidung iku tulisana lan banjur wulangna marang wong Israel, isekna ing cangkeme, supaya kidung iki dadia seksiningSun tumrap wong Israel.


Amarga karepku, supaya kowe padha sumurupa, sapira abote perang kang daktindakake kanggo kowe lan para wong kang ana ing Laodhikia, lan iya kanggo sapa bae kang durung tau weruh marang pribadiku tata lair,


Nalika aku arep nerusake lakuku menyang ing wilayah Makedhonia, kowe wus dakwanti-wanti, supaya terusa ana ing kutha Efesus lan mituturi wong-wong saweneh, supaya aja aweh piwulang liyane


Nalika weruh Panjenengane, aku tumuli ambruk ana ing ngarsaning sampeyane kaya wong mati; nanging aku banjur ditumpangi astane kang tengen, banjur ngandika: “Aja wedi! Ingsun iki Kang Wiwitan lan Kang Wekasan,


Marga saka iku tulisana apa kang wus sira deleng, iya kang kalakon ing samengko tuwin kang bakal kalakon ing tembe.


Yokanan wus nekseni bab pangandikane Gusti Allah lan bab paseksen kang kaparingake dening Gusti Yesus Kristus, yaiku sabarang apa kang wus dideleng.


Mungguh wadine lintang pitu kang sira deleng ana ing astaningSun tengen lan padamaran mas pitu iku mangkene: Lintang pitu iku malaekate pasamuwan pitu lan padamaran mas pitu iku pasamuwan pepitu.”


Saka Yokanan marang pasamuwan pepitu kang ana ing tanah Asia-Cilik: Sih-rahmat lan tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh, saka Panjenengane, kang ana lan kang wus ana sarta kang bakal rawuh, apadene saka roh pepitu kang padha ana sangareping dhampar,


“Ingsun iki Sang Alfa lan Sang Omega, Pangandikane Gusti Allah kang ana, lan kang wus ana, sarta kang bakal rawuh, kang Mahakuwasa.”


Lan sawuse gludhug pitu mau padha ngucap, iku banjur arep dakcatheti, nanging aku nuli krungu swara saka ing swarga kang ngandika: “Apa kang diucapake dening gludhug pitu iku mau sira segela, aja sira tulis!”


Aku tumuli krungu swara saka ing swarga kang ngandika: “Tulisen: Rahayu para wong kang mati lan matine ana ing patunggilane Gusti, wiwit ing samengko.” “Sanyata,” pangandikane Sang Roh, “supaya padha aso saka ing rekasane, awit sakehing panggawene padha mbarengi lakune.”


Aku tumuli dipangandikani mangkene: “Nulisa: Rahayu para kang tinimbalan marang bujana pikramane Sang Cempe.” Sarta aku dipangandikani maneh: “Iki sabdane Gusti Allah kang satuhu.”


“Sira nulisa marang malaekate pasamuwan ing Efesus: Iki pangandikane kang ngasta lintang pepitu ing astane tengen lan kang mlampah-mlampah ing antarane padamaran mas pepitu iku.


“Lan nulisa marang malaekate pasamuwan ing Pergamus: Iki pangandikane kang ngasta pedhang landhep kiwatengen:


“Lan nulisa marang malaekate pasamuwan ing Tiatira: Iki pangandikane putraning Allah, kang tingale kaya urubing geni lan sampeyane kaya tembaga:


Nanging sira, iya iku wong-wong liyane kang ana ing Tiatira, kang ora ngugemi piwulang iku, lan kang ora nyinau ing wadi-wadining Iblis, kayadene anggone ngarani, iku Sundhawuhi mangkene: Ingsun ora karsa ngetrapi momotan liyane marang sira.


“Lan nulisa marang malaekate pasamuwan ing Smirna: Iki pangandikane Sang Awal lan Sang Akhir, kang wus seda lan gesang maneh:


Kang lenggah ing dhampar banjur ngandika: “Wruhanira, samubarang kabeh Sundadekake anyar!” Lan pangandikane: “Sira nulisa, awit pangandika iki patitis lan nyata.”


Tumuli pangandikane maneh marang aku: “Pangandika wedharing wangsite kitab iki aja sira segel, awit wektune wus cedhak.


Ingsun, Yesus, wus ngutus malaekatingSun supaya aweh paseksen tumrap prakara iku mau kabeh marang sira kanggo pasamuwan-pasamuwan. Ingsun iki sogol, yaiku trahe Dawud, lintang panjer esuk kang mancorong.”


“Sira nulisa marang malaekate pasamuwan ing Sardis: Iki pangandikane kang kagungan Rohe Allah pitu lan lintang pitu iku: Ingsun ngudaneni ing panggawenira kabeh; sira kaaranan urip, mangka satemene mati!


“Lan sira nulisa marang malaekate pasamuwan ing Laodhikia: Iki pangandikane Sang Amin, Seksi kang setya tuhu lan sajati, kang murwani titahing Allah:


Nanging ing Sardis kono uga ana wong sawatara kang ora ngregedi sandhangane; wong-wong iku bakal ndherek ing satindakingSun kalawan manganggo putih, marga wus padha sembada.


“Lan sira nulisa marang malaekate pasamuwan ing Filadhelfia: Iki pangandikane Sang Suci, Sang Sajati, kang ngasta kuncine Dawud; samangsa Panjenengane ngengakake, ora ana kang bisa nutup, samangsa Panjenengane nutup, ora ana kang bisa ngengakake.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan