Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WAHYU 1:10 - Kitab Sutji

10 Mbeneri ing dinane Gusti, aku linimputan ing Roh lan aku krungu swara seru ana ing buriku kaya unine kalasangka,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WAHYU 1:10
13 Iomraidhean Croise  

Bareng Bileam mandeng mangarep lan weruh bangsa Israel anggone lereb taler-teleran, banjur katedhakan ing Rohe Gusti Allah.


Pangandikane Gusti Yesus: “Yen mangkono, kapriye dene Sang Prabu Dawud marga saka katuntun dening Roh kok nyebut Gustine, yaiku nalika ngandika:


Bareng ing wayah bengi ing dina kapisan minggu iku para sakabate Gusti Yesus padha nglumpuk ana ing sawijining papan, lawange padha kakancing awit saka wedine marang wong Yahudi. Ing nalika iku Gusti Yesus rawuh jumeneng ana ing tengah-tengahe para sakabat sarta ngandika: “Tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh!”


Bareng tumeka ing wolung dinane para sakabate Gusti Yesus padha ana ing jero omah iku maneh sarta Tomas iya ana. Gusti Yesus tumuli rawuh nalika lawange padha kakancing, banjur jumeneng ana ing tengah-tengahe para sakabat sarta ngandika: “Tentrem-rahayu anaa ing kowe!”


Nalika ing dina kapisan ing minggu iku, aku padha nglumpuk nyuwil-nyuwil roti. Rasul Paulus reraosan karo para sadulur ing kono, jalaran karsane arep bidhal esuke. Anggone ngandikan iku nganti wanci tengah wengi.


Mulane kowe padha daksumurupake, yen ora ana wong kang calathune marga saka Rohe Gusti Allah kok bakal kandha: “Yesus kena ing ipat-ipat!” lan uga ora ana wong kang bisa ngakoni: “Yesus iku Gusti,” yen ora marga dening Sang Roh Suci.


Ing dina kapisan ing saben minggu, sawiji-wijining panunggalanmu – adhedhasar apa kang padha koktampa – padha nisihna sawatara lan simpenen ana ing omah, supaya anggonmu padha nglumpukake iku aja nganti lagi koktindakake samangsa aku teka.


Sajrone aku kalimputan ing Roh aku kagawa menyang ing pasamunan. Ing kono aku weruh ana wong wadon nunggang kewan abang sulak wungu, kang awake sakojur kacirenan jeneng-jeneng panyenyamah. Endhase pitu lan sungune sapuluh.


Tumuli sajrone kalimputan ing Roh iku, aku digawa menyang ing gunung kang gedhe lan dhuwur, banjur dituduhi kutha kang suci, yaiku Yerusalem kang tumurun saka ing swarga, saka Gusti Allah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan