Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WAHYU 1:1 - Kitab Sutji

1 Iki wahyune Gusti Yesus Kristus, kang kaparingake dening Gusti Allah marang Panjenengane, supaya katedahake marang para abdine bab apa kang pinasthi bakal enggal kalakon. Sarta Panjenengane wus medharake bab iku marang Yokanan abdine, lumantar malaekat utusane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WAHYU 1:1
30 Iomraidhean Croise  

Pasrawungane Sang Yehuwah kang celak iku karo wong kang padha wedi marang Panjenengane, sarta iku padha diparingi sumurup bab prajanjiane.


tuwin aku krungu swaraning manungsa saka ing satengahing kali Ulai kang dhawuh mangkene: “He, Gabriel! Wong iku sumurupna marang tegese wahyu iku!”


sajrone munjuk ing sajrone pandonga iku, Sang Gabriel mabur kalawan rikat murugi aku, yaiku panjenengane, kang wus dakdeleng ing sajroning wahyu kang dhisik nalika nyaosake kurban sore.


Nalika kowe wiwit ngaturake panyuwunan, ana pangandika kang kawiyos, aku banjur teka prelu aweh sumurup marang kowe bab iku, awit kowe iku banget kinasihan. Mulane pangandika iku gatekna sarta wahyu iku titenana!


Sanyata, Pangeran Yehuwah Allah ora nindakake apa-apa tanpa putusan kang kalairake marang para nabi abdine.


Awit Aku mituturi iku ora saka Aku dhewe, nanging saka Sang Rama kang ngutus Aku; Panjenengane iku kang paring dhawuh marang Aku, supaya ngandhakake apa kang kudu Daktuturake lan kang Dakterusake.


Aku ora ngarani abdi maneh marang kowe, sabab abdi iku ora sumurup marang panggawene bendarane, nanging kowe wus padha Dakarani mitra, jalaran sabarang kang wus Dakrungu saka RamaKu, iku wus Daksumurupake kabeh marang kowe.


Amargi sadaya Pangandika ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula punika sampun Kawula tampekaken dhateng tiyang-tiyang wau saha sampun dipun tampeni. Punapadene sampun sami sumerep saestu, bilih pinangka Kawula punika saking Paduka lan sami pitados, bilih Paduka ingkang ngutus Kawula.


Sarta apa kang wus ditingali lan dipiyarsakake iya iku kang disekseni; ewadene ora ana wong siji-sijia kang nampani ing paseksene.


Akeh prakara kang prelu Daktuturake mungguh ing kowe lan akeh uga kang kudu Dakukumake tumrap kowe kabeh; nanging kang ngutus Aku bener, apa kang Dakrungu saka Panjenengane, yaiku kang Dakwarahake marang jagad.”


Kagem Panjenengane, kang nyantosakake kowe kabeh, – manut Injil kang dakkabarake, sarta pawarta bab Gusti Yesus Kristus, laras karo kabare wewadi kang kasidhem pirang-pirang abad lawase,


Awit anggonku nampani ora saka manungsa, lan iya dudu manungsa kang mulangake bab iku marang aku, nanging marga saka pamangsite Gusti Yesus Kristus.


yaiku srana wahyu anggonku wus kasumurupake ing wewadi, kaya kang wus daktulis ing dhuwur kanthi ringkes.


Saka Paulus, abdining Allah lan rasule Gusti Yesus Kristus, manut pracayaning para pepilihane Gusti Allah sarta pangawruhing kayekten, kang laras karo pangibadah kita,


Marga saka iku tulisana apa kang wus sira deleng, iya kang kalakon ing samengko tuwin kang bakal kalakon ing tembe.


Aku, Yokanan, sadulur lan panunggalanmu ing sajroning kasusahan, ing sajroning Karajan sarta ing sajroning kamantepan nganti-anti marang Gusti Yesus, lagi ana ing pulo kang aran Patmos marga saka pangandikane Gusti Allah lan paseksen kang kaparingake dening Gusti Yesus.


Salah sawijining malaekat pitu kang ngasta bokor pitu mau, rawuh sarta ngandika marang aku: “Mrenea, kowe daktuduhi paukumane si sundel gedhe, kang lungguh ana ing papan kang akeh banyune.


Aku banjur nyungkemi sampeyane kang ngandika mau arep sujud, nanging tumuli dipangandikani: “Aja mangkono! Aku iki padha kaya kowe lan para sadulurmu, kang nduweni paseksene Gusti Yesus. Sujuda marang Gusti Allah! Awit mungguh paseksene Gusti Yesus iku rohing pamedhar wangsit.”


Aku tumuli dipangandikani mangkene: “Nulisa: Rahayu para kang tinimbalan marang bujana pikramane Sang Cempe.” Sarta aku dipangandikani maneh: “Iki sabdane Gusti Allah kang satuhu.”


Lan aku weruh kutha suci, Yerusalem kang anyar, tumurun saka ing swarga, saka ing Allah, kang pinaesan kaya panganten wadon kang dinandanan lumadi marang priyane.


Sawijining malaekat panunggalane malaekat pitu kang ngasta bokor pitu kebak isi wewelak pitu kang wekasan iku rawuh lan banjur ngandika: “Mrenea, kowe daktuduhi panganten putri, garwane Sang Cempe.”


Aku tumuli dituduhi bengawan banyu panguripan, kang bening kaya kristal, kang mili metu saka ing dhampare Gusti Allah lan dhampare Sang Cempe.


Ingsun, Yesus, wus ngutus malaekatingSun supaya aweh paseksen tumrap prakara iku mau kabeh marang sira kanggo pasamuwan-pasamuwan. Ingsun iki sogol, yaiku trahe Dawud, lintang panjer esuk kang mancorong.”


Aku tumuli dipangandikani mangkene: “Pangandika iku mau patitis lan nyata, sarta Pangeran, Allah kang paring roh marang para nabi, wus ngutus malaekate supaya nuduhake marang para abdine apa kang pinesthi enggal kalakon.”


Anadene aku, Yokanan, kang wus ndeleng lan krungu prakara iku mau kabeh. Lan sawuse krungu lan ndeleng, aku tumuli sumungkem ing sampeyane malaekat, kang wus nedahake iku mau kabeh marang aku, arep sujud.


Nanging dhawuhe marang aku: “Aja mangkono! Awit aku iki dadi kancamu abdi, padha kaya kowe lan sadulur-sadulurmu, para abdi, lan para kang netepi pangandikane kitab ini. Sujuda marang Gusti Allah!”


Sawuse mangkono aku weruh: Lah, lawanging swarga ana kang menga sarta ana swara kang wus dakrungu biyen, ngandikani aku kaya swarane kalasangka, mangkene: “Sira munggaha mrene bakal Suntedahi apa kang sawuse iki pinesthi kalakon ing tembe.”


Sang Cempe mau banjur nyelak sarta nampani kitab mau saka astane tengen kang pinarak ing dhampar.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan