Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




RUT 4:4 - Kitab Sutji

4 Kula lajeng manah: prayogi ugi bab punika kula aturaken dhateng panjenengan makaten: Sumangga siti punika panjenengan pundhut wonten ing ngarsanipun para sadherek ingkang sami lenggahan punika saha para sesepuhipun bangsa kita. Manawi panjenengan ingkang badhe nebus, sumangga panjenengan tebus; manawi panjenengan boten karsa nebus, sumangga kula panjenengan paringi sumerep, supados kula ngretos, amargi boten wonten ingkang wajib nebus kajawi panjenengan, lan sasampunipun panjenengan: kula.” Pangucape kang ditari: “Inggih kula ingkang badhe nebus.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




RUT 4:4
12 Iomraidhean Croise  

“Ature: Sampun ta, dhuh bendara kula, panjenengan piyarsakaken atur kula punika: Pasitenipun dalah guwanipun ingkang wonten ngriku kula aturaken dhateng panjenengan, kula aturi ngagem; wonten ing sangajenging para tiyang bangsa kula, punika kula caosaken dhateng panjenengan; kula aturi nyarekaken ingkang seda.”


iku kapasrahake dadi kagungane Rama Abraham sineksenan dening bani Het, dening wong-wong kang padha nekani ing gapurane kutha.


Ewadene Paduka, dhuh Pangeran Yehuwah, sampun ngandika dhateng kawula: Pategalan iku tukunen kalawan salaka sarta seksekna. – Mangka kitha punika sampun kaulungaken dhateng tanganipun tiyang Kasdim.”


Aja males ala marang wong kang gawe piala; padha nindakna kang becik tumrap sadhengah wong.


Awit aku padha mrelokake kang utama, ora mung ana ing ngarsane Gusti bae, nanging uga ana in ngareping wong.


Ing kono para tuwa-tuwane kutha ngundanga ipe kang mbangkang mau sarta dipituturana; dene saupama meksa emoh sarta matur: Kula boten remen mendhet semah tiyang punika,


Wasana, sadulur-sadulur, sabarang kang nyata, sabarang kang luhur, sabarang kang adil, sabarang kang suci, sabarang kang sinebut kautaman lan pantes dialem, iku kabeh padha pikiren.


Sawuse mangkono Naomi kandha marang mantune: “Wong iku muga kaberkahana dening Sang Yehuwah, kang karsa ngatingalake sih-kamirahane marang kang isih urip, sarta kang wis padha mati.” Sarta maneh calathune Naomi marang Rut: “Wong iku isih kaprenah sanak karo kita, iku panunggalane kang wajib nebus kita.”


Lah saikine, pancen aku salah sawijining sanak, kang wajib nebus, nanging sanadyan mangkono, isih ana liyane maneh kang wajib nebus kang luwih cedhak katimbang aku.


Pangucape Boas: “Sapa kowe iku?” Ature kang kasapa: “Kula punika ingkang abdi Rut; panjenengan mugi karsaa ngegaraken swiwi panjenengan saha ngayomi dhateng ingkang abdi, amargi panjenengan ingkang wajib nebus kula.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan