Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




RUT 4:2 - Kitab Sutji

2 Boas banjur ngajak para tetuwaning kutha wong sapuluh, tembunge: “Sumangga, panjenengan sami lenggaha ing ngriki!” Tumuli padha lungguh.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




RUT 4:2
9 Iomraidhean Croise  

Sawuse mangkono Sang Putri banjur damel serat atas asmane Sang Prabu Akhab, nuli disegel kanthi segeling karajan, tumuli dikintunake marang para pinituwa lan para panggedhe ing kutha panggonane Nabot.


Saupama batur wadon mau ora disenengi bendarane, mangka maune wus disadhiyakake kanggo awake dhewe, bendarane kudu nglilani batur mau ditebus, ora kena diedol marang wong ngamanca, awitdene bendarane wus mblenjani marang batur wadon iku.


Kang lanang kondhang ana ing gapuraning kutha, samangsa lelungguhan karo para tuwa-tuwane nagara.


Para sepuh sami boten keklempakan malih wonten ing gapuraning kitha, para nem-neman kendel anggenipun nylempung.


Kanthi patrap mangkono wong-wong mau padha nggegerake wong akeh lan para pinituwa tuwin para ahli Toret; tumuli padha ngebyuk marang Sang Stefanus, diglandhang diladekake marang ing ngarsane Pradata Agama,


nanging saupama wong iku ora seneng ngepek ipene mau, ipene tumuli ngadhepa marang para tuwa-tuwa ana ing gapura sarta matura: Ipe kula boten purun nggesangaken namaning sadherekipun wonten ing Israel, boten purun netepi kawajiban ningkah ipe dhateng kula.


Ing dina iki kowe kabeh padha ngadeg ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, para panggedhene talermu, para tuwa-tuwamu lan para tetindhihing wadya-balamu lan sakehe wong lanang ing Israel,


Padha klumpukna sakehe para tuwa-tuwane talermu lan para tetindhihing wadya-balamu, aku arep nglairake apa kang bakal dakkandhakake mengko, kalawan ngundang langit lan bumi, supaya dadi seksi.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan