RUT 4:17 - Kitab Sutji17 Lan tangga teparone wadon tumuli padha aweh jeneng marang bayi mau, pangucape: “Naomi wus kaparingan anak lanang.” Bayi mau nuli dijenengake Obed. Yaiku ramane Isai, ramane Sang Prabu Dawud. Faic an caibideil |
Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Samuel: “Sapira lawase anggonira nandhang prihatin, marga saka Saul? Wong iku rak wus Suntampik anggone dadi ratune Israel? Wadhahira sungu isenana lenga lan mangkata. Sira Sunutus menyang ing omahe Isai, wong Betlehem, awit anake ana kang Sunpilih dadi ratu tumrap Ingsun.”