Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




RUT 4:15 - Kitab Sutji

15 Lan piyambakipun ingkang badhe nglejaraken panggalih panjenengan saha ngopeni panjenengan ing wekdal panjenengan sampun uwanen, amargi mantu panjenengan ingkang tresna dhateng panjenengan sampun nglairaken jabang bayi, ingkang aosipun nglangkungi anak jaler pitu.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




RUT 4:15
10 Iomraidhean Croise  

Dene kula ingkang badhe nyekapi sadaya kabetahanipun rama, awit pailan punika taksih gangsal taun malih dangunipun, supados rama sakulawarga sampun ngantos dhumawah ing kamlaratan, punapa dene sadaya tiyang ingkang ndherek rama.


Karodene Sang Yusuf nyekapi panggesangane kang rama, sadherek-sadhereke lan sabrayate kang rama, miturut cacahe anak-anake.


Lunyuning cangkeme ngungkuli mertega, nanging karepe arep nempuh perang; alusing tembunge ngluwihi lenga, nanging sakabehing mau pedhang ligan.


Ana kanca kang marakake sangsara, nanging uga ana mitra kang rumakete ngungkuli sadulur.


Nganti sira tuwa Ingsun iki tetep Panjenengane lan nganti rambutira putih anggoningSun nggendhong sira kabeh. Ingsun wus tumindak mangkono tuwin karsa terus nanggung sira kabeh; Ingsun karsa ngrembat lan nylametake sira.


Naomi banjur nyandhak bayi mau, dipangku sarta digula-wenthah.


Elkana, somahe nuli mituturi mangkene: “Hana, yagene kowe nangis lan apa sebabe kowe emoh mangan? Ajine awakku apa ora ngungkuli anak lanang sepuluh?”


Sing sapa wareg dhisik, saiki bakal buruh golek pangan, nanging wong kang luwe dhisik, saiki bisa ngaso. Malah wong kang gabug, nglairake anak pitu, nanging wong kang sugih anak, dadi loyo.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan