Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




RUT 4:14 - Kitab Sutji

14 Mulane para wong wadon padha ngucap marang Naomi: “Pinujia Sang Yehuwah, dene ing dinten punika kanthi legawaning panggalih maringi juru panebus dhateng panjenengan, mugi namanipun dadosa misuwur wonten ing Israel.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




RUT 4:14
13 Iomraidhean Croise  

Sira bakal Sundadekake bangsa kang gedhe lan Sunberkahi, sarta jenengira Sundadekake luhur, tuwin sira bakal dadi berkah.


“Pinujia Sang Yehuwah, Gusti Allahe bendaraku Abraham kang ora ngingkedi sihe kasetyane marang bendaraku, sarta Sang Yehuwah wus nuntun lakuku ana ing dalan kang anjog ing daleme para sadhereke!”


Wasana ngandhut maneh sarta nglairake anak lanang, pangucape: “Sapisan iki aku bakal saos sukur marang Pangeran Yehuwah.” Mulane anake dijenengake: Yehuda. Sawuse iku kandheg anggone nglairake anak.


Nalika tangga-teparone lan sanak-sadulure krungu pawarta yen Gusti Allah wis paring sih kamurahane kang samono gedhene iku, padha melu bungah.


Wong kang bungah biyantonana bungahe, wong kang nangis biyantonana panangise.


Mulane yen ana perangan siji kang lara, perangan liyane kabeh padha melu ngrasakake; manawa ana siji kang ingajenan, kabeh padha melu bungah.


Padha ngunjukna panuwun ing sabarang kang tinemu, awit iku kang dikarsakake dening Gusti Allah ana ing Sang Kristus Yesus tumrap kowe.


Aku padha kawajiban tansah saos sokur marang Allah marga saka kowe kabeh, para sadulur. Lan pancen kudune mangkono, awit pracayamu saya mundhak-mundhak lan anggonmu padha tresna-tinresnan saya banget


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan