13 Boas tumuli ngalap Rut dadi bojone sarta banjur dicedhaki. Sang Yehuwah iya nuli paring kamirahan marang Rut, temah bisa ngandheg sarta duwe anak lanang.
Rama Abraham banjur ndedonga konjuk marang Gusti Allah, sarta Gusti Allah tumuli maluyakake Sang Prabu Abimelekh, kang garwa sarta para abdine wadon, satemah padha bisa duwe anak.
Anadene Rama Iskak iku ndongakake garwane marang Sang Yehuwah, amarga kang garwa iku gabug; lan Sang Yehuwah nyembadani panyuwune, temahan Ibu Ribkah garwane banjur nggarbini.
Bareng Esap ndeleng para wong wadon lan bocah-bocah, banjur takon: “Kang padha melu kowe iku sapa bae?” Wangsulane Yakub: “Punika lare-lare peparingipun Gusti Allah dhateng ingkang abdi.”
Lah saikine, anakku engger, aja sumelang atimu; kabeh kang kokaturake iku bakal daktindakake tumrap ing kowe; amarga saben wong ing kutha kene ngreti, manawa kowe iku wong wadon kang becik.
Tedhak-turun panjenengan samia kados tedhakipun Rama Peres, putranipun Rama Yehuda ingkang patutan saking Ibu Tamar, lantaran para putra ingkang badhe kaparingaken Yehuwah dhateng panjenengan patutan kaliyan tiyang estri nem punika!”
Sing sapa wareg dhisik, saiki bakal buruh golek pangan, nanging wong kang luwe dhisik, saiki bisa ngaso. Malah wong kang gabug, nglairake anak pitu, nanging wong kang sugih anak, dadi loyo.