Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




RUT 4:11 - Kitab Sutji

11 Sakehing wong kang ana ing gapura dalah para pinituwa banjur padha ngucap: “Inggih kula sami dados seksi, Sang Yehuwah mugi karsaa ngganjar dhateng tiyang estri ingkang badhe manggen wonten ing dalem panjenengan punika, kadadosna sami kaliyan Rakhel tuwin Lea, ingkang kalih-kalihipun sampun sami mbangun umat Israel, panjenengan dipun santosa wonten ing Efrata saha asma panjenengan misuwura wonten ing Betlehem.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




RUT 4:11
24 Iomraidhean Croise  

Ing nalika iku Efron mbeneri linggih ana ing satengahe bani Het. Efron wong Het mangsuli marang Rama Abraham keprungu dening wong-wong bani Het, dening kabeh wong kang padha nekani ing gapurane kutha,


Ribkah disangoni berkah, tembunge: “Dhuh sadulurku, kowe muga tangkar-tumangkara dadi ewon leksan, sarta turunmu bisaa ngrebut gapuraning mungsuhe dadi darbeke.”


Anadene Pak Laban mau duwe anak wadon loro, kang tuwa jenenge Lea lan kang nom jenenge Rakhel.


Kacarita bareng esuk kasumurupan yen iku Lea. Yakub tumuli matur marang Pak Laban: “Kadospundi dene panjenengan nandukaken makaten dhateng kula? Anggen kula ngenger panjenengan punika rak supados kaangsalaken Rakhel, kenging punapa kula panjenengan apusi?”


Lea banjur ngandhut sarta nglairake anak lanang, kang dijenengake Ruben, pangucape: “Satemene Sang Yehuwah wus mirsani kasangsaranku, samengko aku mesthi ditresnani bojoku.”


Anake Lea yaiku Ruben pembarepe Yakub, nuli Simeon, Lewi, Yehuda, Isakhar lan Zebulon.


Anake Rakhel: Yusuf lan Benyamin.


Sawuse mangkono Sang Putri banjur damel serat atas asmane Sang Prabu Akhab, nuli disegel kanthi segeling karajan, tumuli dikintunake marang para pinituwa lan para panggedhe ing kutha panggonane Nabot.


Rama Salma, ramane Betlehem lan Haref, ramane Bet-Gader.


Kita pancen wus padha krungu bab iku ana ing Efrata, wus oleh ana ing ara-ara Yaar.


Wong wadon kang wicaksana iku mbangun omahe, nanging kang bodho ngrubuhake omahe klawan tangane dhewe.


Kang lanang kondhang ana ing gapuraning kutha, samangsa lelungguhan karo para tuwa-tuwane nagara.


Aku nulis layang pratandha dol-tinuku, kang nuli kaecap lan kaseksekake, dhuwite banjur daktimbang ana ing traju.


Mulane bangsa iku mung arep ditogake bae nganti tumeka wektune wanita kang pinesthi mbabar putra wus kelakon mbabar, nuli kekarening para sadulure bakal padha bali nunggal karo wong Israel.


Anadene sira, he Betlehem ing tanah Yahuda, sira iku babar pisan ora kuciwa ana ing antarane para kang ngasta paprentahan ing tanah Yahuda, amarga saka sira bakal ana panutan kang miyos, kang bakal ngengon umatingSun Israel.”


nanging saupama wong iku ora seneng ngepek ipene mau, ipene tumuli ngadhepa marang para tuwa-tuwa ana ing gapura sarta matura: Ipe kula boten purun nggesangaken namaning sadherekipun wonten ing Israel, boten purun netepi kawajiban ningkah ipe dhateng kula.


banjur dicedhakana dening tilas bojone sadulure iku ana ing ngarepane para tuwa-tuwa, dicopota trumpahe lan raine diidonana karo ngucapa: Kaya mangkene iki kang mesthi katandukake marang wong kang ora gelem nuwuhake turun marang sadulure.


Wong mau jenenge Elimelekh, somahe jenenge Naomi lan anake loro jenenge Makhlon lan Khilyon, padha wong Efrata, saka ing Betlehem – Yehuda; satekane ing tlatah Moab, banjur padha manggon ana ing kono.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan