Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




RUT 4:10 - Kitab Sutji

10 makaten ugi Rut tiyang Moab, randhanipun Makhlon punika inggih kula pendhet dados semah kula, supados nggesangna malih namanipun ingkang sampun tilar tumrap ing siti pusakanipun. Kalayan makaten namanipun tiyang punika boten sirna saking gelenganing kulawangsanipun saha saking warga kithanipun. Panjenengan sami dadosa seksi ing dinten punika.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




RUT 4:10
19 Iomraidhean Croise  

Srantekna pitung dina engkas anggonmu bebrayatan karo Lea, sawuse iku kowe iya dakwenehi sijine minangka opahe, anggere kowe saguh ngenger aku pitung taun maneh.”


Nanging sarehne Onan ngreti yen turun mau ora bakal dadi duweke dhewe, mulane saben kumpul karo somahe kakangne, wijine diruntuhake ing bumi, supaya aja nganti nuwuhake turun kanggo kakangne.


kajengipun tansah kagalih dening Pangeran Yehuwah, supados pangenget-enget dhateng tiyang punika dipun bengkas saking bumi,


Tingale Sang Yehuwah mirsani wong mursid, sarta talingane midhangetake ing pasambate;


Sapa kang oleh jodho iku nemu bab kang becik, sarta oleh sihe Sang Yehuwah.


Omah lan bandha iku warisan saka leluhur, nanging rabi kang pinter iku peparinge Sang Yehuwah.


Turunira bakal kaya wedhi tuwin anak-putunira kehe kaya laslasane; jenenge ora bakal kasirnakake utawa kasingkirake saka ing ngarsaningSun.”


Manawa ing Gilead ana kadursilan, wong-wong iku wus padha dadi tanpa guna; ana ing Gilgal padha saos kurban sapi-sapi lanang, mulane misbyah-misbyahe uga padha dadi kaya tumpukan watu ana ing singkal-singkalane pategalan.


Wong wadon iku banjur daktuku, regane limalas sekel salaka sarta sair karotengah homer.


Iya ing wektu iku – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustining sarwa dumadi – Ingsun nyirnakake jenenge sakehe brahala saka ing nagara iku, nganti wong-wong padha ora eling marang iku maneh. Dalah para wong kang ngaku-aku nabi sarta roh reged bakal Sunbuwang saka ing nagara kono.


Kowe banjur padha takon: “Apa sababe?” Awit Pangeran Yehuwah wus jumeneng dadi seksi ing antarane kowe lan somahmu jaka-lara kang kokcidrani, mangka iya iku mitramu, lan somahmu tunggal saprajanjian.


He para wong lanang, padha tresnaa marang bojomu kayadene Sang Kristus anggone wus ngasihi pasamuwane nganti masrahake sarirane marga saka pasamuwan iku


Banjur anak lanang pembarep kang lair iku dianggepa anake sadulure kang wus mati, supaya jenenge aja nganti cures saka ing antarane wong Israel,


Nikah iku ajenana sarta aja njemberake paturon, sabab wong kang padha laku jina lan bandrek iku bakal dipatrapi dening Gusti Allah.


Manawi bab punika kapireng tiyang Kanaan saha sakathahipun tiyang nagari punika, boten sande kawula sami badhe dipun kepang sarta nama kawula badhe kasirnakaken saking bumi. Punapa ingkang badhe Paduka tindakaken damel mulihaken asma Paduka ingkang agung punika?”


Boas tumuli kandha marang para tetuwane lan marang wong akeh: “Panjenengan sadaya sami dados seksi ing dinten punika, bilih kula numbas samukawis tilaranipun Khilyon kaliyan Makhlon, panumbas kula saking tanganipun Naomi;


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan