Bareng Boas wus rampung anggone dhahar lan ngunjuk sarta panggalihe rena, tumuli mapan sare ana ing pojokane tumpukan sair. Rut banjur alon-alon lumebu, ngungkabi singebing sampeyane Boas sarta teturon ana ing kono.
Pangucape Boas: “Sapa kowe iku?” Ature kang kasapa: “Kula punika ingkang abdi Rut; panjenengan mugi karsaa ngegaraken swiwi panjenengan saha ngayomi dhateng ingkang abdi, amargi panjenengan ingkang wajib nebus kula.”