Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




RUT 3:7 - Kitab Sutji

7 Bareng Boas wus rampung anggone dhahar lan ngunjuk sarta panggalihe rena, tumuli mapan sare ana ing pojokane tumpukan sair. Rut banjur alon-alon lumebu, ngungkabi singebing sampeyane Boas sarta teturon ana ing kono.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




RUT 3:7
18 Iomraidhean Croise  

Sang Yusuf banjur dhawuh maringake dhaharan saka ing mejane marang para sadhereke, nanging pandumane Benyamin tikel lima tinimbang liyane. Karodene padha ngombe lan suka rena bareng karo Sang Yusuf.


Pangeran Absalom banjur mrentahi marang para abdine mangkene: “Padha diawas! Manawa Amnon wis gambira marga saka sumuking anggur lan aku ngabani marang kowe: Amnon tempuhen, wong iku patenana. Aja wedi. Rak aku kang dhawuh marang kowe? diteteg atimu lan ngatokna gagah prakosamu.”


Sang Putri Izebel, kang garwa, matur marang panjenengane: “Panjenengan dalem rak ingkang sapunika ngasta pangwaosing karajan wonten ing Israel? Sumangga, kawula aturi wungu, sarta dhahar punapa dene dipun eca ing panggalih! Kawula ingkang badhe ngunjukaken dhumateng panjenengan dalem kebon angguripun Nabot tiyang Yizreel punika.”


Nalika ing dina kang kaping pitune nalika Sang Prabu karenan ing galih marga saka sumuking anggur, Sang Nata banjur dhawuh marang priyagung kadhaton pitu kang caos ana ing ngarsane, asmane: Mehuman, Bizta, Kharbona, Bigta, Abagta, Zetar lan Karkas,


punapadene anggur ingkang mbingahaken manahing manungsa, ingkang damel rainipun manungsa sumringah margi saking lisah, saha tetedhan ingkang ngiyataken manahipun tiyang.


Supaya bisa ngguyu, wong nganakake bujana, anggur gawe gambiraning ngaurip sarta dhuwit njalari kabeh iku mau bisa tumindak.


Ora ana kang tumrap manungsa becike ngluwihi mangan lan ngombe sarta seneng-seneng ing sajroning kangelane. Aku sumurup, manawa iki uga saka ing astaning Allah.


Awit saka iku aku ngalembana marang kabungahan, amarga ora ana kabegjan liyane tumraping manungsa ana ing sangisoring langit iki kajaba mangan lan ngombe tuwin seneng-seneng. Iku kang dadi kanthine ing sajroning kangelane ing salawase uripe, kang diparingake dening Gusti Allah ana ing sangisoring langit iki.


Mara, panganen rotimu kalawan bungah, lan ombenen anggurmu kalawan senenging ati, amarga panggawemu wus lawas ndadekake keparenging panggalihe Gusti Allah.


Wangsulanku mangkene: Dadia kowe mangan, dadia kowe ngombe, dadia nglakoni apa bae liyane, kabeh iku mau lakonana kagem kaluhurane Gusti Allah.


Lan aja nganti kowe mendem anggur, awit anggur iku nuwuhake hawa-nepsu, nanging kapenuhana ing Roh,


Nalika lagi padha seneng-seneng mangkono iku, banjur padha celathu: “Si Simson undangen, cikben gawe seneng kita!” Sang Simson banjur diwedalake saka ing pakunjaran, lan digawe geguyon ana ing ngarepe wong-wong mau, nuli diaturi jumeneng ana ing antarane saka-saka.


Nanging bareng lagi padha enak-enak, lah wong ing kutha kono, wong kang ambek dursila, tumuli padha ngepung omah iku mau, padha ndhodhogi lawang sarta padha celathu marang wong tuwa kang duwe omah tembunge: “Wong kang mentas teka ing omahmu iku gawanen metu, arep dakanggo seneng-seneng!”


Dadine sakaro-karone banjur padha lungguh mangan lan ngombe. Bapakne wong wadon nom mau tumuli kandha marang wong lanang mau: “Kowe bok ndhanganake atimu nginep maneh lan ngenggar-enggar atimu!”


Bareng wonge ngadeg arep mangkat dalah selire lan bature, maratuwane, iya iku bapakne wong wadon iku, banjur celathu: “Lah ta delengen, iki wis lingsir kulon, ngarepake surup, bok nginep ana ing kene bae lan ngenggar-enggarna atimu, nuli sesuk tangia sing esuk lan banjur padha mangkata mulih.”


Sawuse mangkono Rut banjur marani panuton sarta nglakoni apa saprentahe maratuwane kabeh.


Bareng ing wayah tengah wengi Boas wungu kalawan kejot, nuli nggrayangi ing sakiwa tengene, lah kok ana wong wadon teturon ing sandhing sampeyane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan