5 Ature Rut marang Naomi: “Punapa sapangandika panjenengan badhe kula lampahi sadaya.”
He bocah-bocah, manut-mituruta marang wong tuwamu ana ing patunggilane Gusti, mangkono iku kang bener.
He, bocah-bocah, padha manut-mituruta marang wong tuwamu ing sadhengah prakara, sabab iku ndadekake keparenge Gusti.
Sawuse dheweke mapan turu, titenana anggone mapan turu ana ing ngendi, endang lumebua, kemuling sikile ungkabana lan teturona. Ing kono kowe bakal dikandhani apa kang kudu koklakoni.”
Sawuse mangkono Rut banjur marani panuton sarta nglakoni apa saprentahe maratuwane kabeh.