3 mulane kowe adusa lan nganggoa lenga jebad sarta nganggoa sandhanganmu kang apik, banjur menyanga ing panuton kono. Mung bae aja nganti konangan wonge, sadurunge dheweke bakda mangan lan ngombe.
Sang Prabu banjur jumeneng saka ing jogan, siram lan ngagem lenga jebad sarta santun pangageman; panjenengane lumebet ing padalemane Sang Yehuwah lan sujud manembah. Sawuse iku banjur kondur menyang kraton lan mundhut roti nuli iya disaosi sarta banjur dhahar.
banjur utusan abdi menyang Tekoa marani wong wadon kang limpad ing budi, nuli ngandika marang wong wadon iku: “Bok kowe api-api kaya wong nandhang prihatin lan manganggoa sandhangan wong kepaten, aja jebadan lan polatanmu membaa wong wadon kang wis pirang-pirang dina nangisi wong mati.
Bareng wus tutug telung dinane Sang Prameswari Ester banjur ngagem busana kaprabon, tumuli jumeneng ana ing plataran njero madhep marang kadhaton, Sang Prabu mbeneri lenggah ing dhamparing karajan ana ing kadhaton.
punapadene anggur ingkang mbingahaken manahing manungsa, ingkang damel rainipun manungsa sumringah margi saking lisah, saha tetedhan ingkang ngiyataken manahipun tiyang.
Sawuse dheweke mapan turu, titenana anggone mapan turu ana ing ngendi, endang lumebua, kemuling sikile ungkabana lan teturona. Ing kono kowe bakal dikandhani apa kang kudu koklakoni.”