Bareng wus tekan ing Goren-Haatad, kang kaprenah ing sabrange bengawan Yarden, banjur nganakake patangisan kang banget nrenyuhake lan luwih gedhe, nganti pitung dina anggone Sang Yusuf nganakake patangisan, marga saka kang rama mau.
Boas banjur kandha marang Rut: “Rungokna dhisik, engger! Ora susah kowe ngasag-asag ana ing pategalan liyane, lan ora susah kowe lunga saka kene, nanging tetep cedhaka karo batur-baturku wadon.
mulane kowe adusa lan nganggoa lenga jebad sarta nganggoa sandhanganmu kang apik, banjur menyanga ing panuton kono. Mung bae aja nganti konangan wonge, sadurunge dheweke bakda mangan lan ngombe.