Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




RUT 3:14 - Kitab Sutji

14 Rut banjur mapan turu ana ing sandhinge sikile Boas nganti tumeka ing wayah esuk; tangine ing wayah sadurunge wong bisa cetha ndeleng marang wong liyane, awit pangucape Boas: “Aja nganti kaweruhan, yen ana wong wadon teka ing panuton.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




RUT 3:14
8 Iomraidhean Croise  

Jeneng kang arum iku luwih becik katimbang karo lenga kang larang, lan dinaning ngajal iku luwih becik tinimbang karo dina kalairan.


Aja males ala marang wong kang gawe piala; padha nindakna kang becik tumrap sadhengah wong.


Apa kang becik, kang dadi duwekmu iku, aja nganti dadi jalaraning pangala-ala.


Kowe aja nganti padha gawe sandhungan, dadia marang wong Yahudi, dadia marang wong Yunani, apadene marang pasamuwane Gusti Allah.


Awit aku padha mrelokake kang utama, ora mung ana ing ngarsane Gusti bae, nanging uga ana in ngareping wong.


Padha ngedohana sarupaning piala.


Dibecik uripmu ana ing satengahe bangsa-bangsa kang dudu bangsa Yahudi supaya manawa padha mitenah marang kowe, kowe diarani durjana, padha nyumurupi panggawemu kang utama sarta ngluhurake Gusti Allah ing dina rawuhe nuweni wong-wong mau.


Karo maneh pangandikane: “Slendhang kang kokanggo iku tadhahna!” Tumuli ditadhahake, Boas banjur naker sair nem taker, diesokake ing slendhang mau. Sawuse iku Boas banjur menyang kutha.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan