Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




RUT 3:13 - Kitab Sutji

13 Wis nginepa ana ing kene ing sawengi iki, dene sesuk manawa dheweke gelem nebus, iya prayoga kareben nebus, nanging yen ora seneng nebus awakmu, aku kang bakal nebus kowe, demi Sang Yehuwah agesang. Wis turua bae nganti tumeka ing wayah esuk.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




RUT 3:13
11 Iomraidhean Croise  

Dene manawa padha sinau carane uripe umatingSun lan banjur ngucapake supata atas asmaningSun: Demi asmane Sang Yehuwah kang gesang, kaya nalikane padha mulang umatingSun supata demi Baal, bangsa iku bakal Sunbangun ana ing antaraning umatingSun.


Lan manawa sira nglairake supata klawan kasetyan, kaadilan lan kabeneran: Demi Sang Yehuwah kang gesang, para bangsa bakal padha berkah-binerkahan ana ing Panjenengane lan bakal padha gedhe atine marga saka Panjenengane.”


Nanging aku nyebut marang Gusti Allah minangka seksiku – Panjenengane iku nguningani aku – manawa anggonku ora sida teka ing Korinta iku sabab aku ngeman kowe.


Mungguh manungsa iku anggone supaos demi kang luwih luhur sarta supata iku minangka pikukuhe, kang mungkasi sakehing padudon.


Pangandikane sang Gidheon: “Punika sami sadherek kula, anakipun biyung kula; demi Sang Yehuwah ingkang gesang, saupami punika sami panjenengan gesangi, panjenengan mesthi boten kula pejahi.”


Sawuse mangkono Naomi kandha marang mantune: “Wong iku muga kaberkahana dening Sang Yehuwah, kang karsa ngatingalake sih-kamirahane marang kang isih urip, sarta kang wis padha mati.” Sarta maneh calathune Naomi marang Rut: “Wong iku isih kaprenah sanak karo kita, iku panunggalane kang wajib nebus kita.”


Lah saikine, pancen aku salah sawijining sanak, kang wajib nebus, nanging sanadyan mangkono, isih ana liyane maneh kang wajib nebus kang luwih cedhak katimbang aku.


Nanging Boas calathu maneh: “Siti wau manawi panjenengan pundhut saking tanganipun Naomi, dados Rut tiyang estri Moab, randhanipun ingkang sampun tilar donya kedah panjenengan pundhut, supados nggesangaken malih namanipun ingkang sampun pejah tumrap siti pusakanipun.”


Kang wajib nebus banjur calathu: “Manawi makaten kula boten saged nebus, amargi badhe ngrisakaken siti pusaka kula piyambak. Pangajeng-ajeng kula, mugi panjenengan karsa nebus ingkang pancenipun kedah kula tebus, amargi kula boten saged nebus.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan