RUT 3:12 - Kitab Sutji12 Lah saikine, pancen aku salah sawijining sanak, kang wajib nebus, nanging sanadyan mangkono, isih ana liyane maneh kang wajib nebus kang luwih cedhak katimbang aku. Faic an caibideil |
Sawuse mangkono Naomi kandha marang mantune: “Wong iku muga kaberkahana dening Sang Yehuwah, kang karsa ngatingalake sih-kamirahane marang kang isih urip, sarta kang wis padha mati.” Sarta maneh calathune Naomi marang Rut: “Wong iku isih kaprenah sanak karo kita, iku panunggalane kang wajib nebus kita.”
Kula lajeng manah: prayogi ugi bab punika kula aturaken dhateng panjenengan makaten: Sumangga siti punika panjenengan pundhut wonten ing ngarsanipun para sadherek ingkang sami lenggahan punika saha para sesepuhipun bangsa kita. Manawi panjenengan ingkang badhe nebus, sumangga panjenengan tebus; manawi panjenengan boten karsa nebus, sumangga kula panjenengan paringi sumerep, supados kula ngretos, amargi boten wonten ingkang wajib nebus kajawi panjenengan, lan sasampunipun panjenengan: kula.” Pangucape kang ditari: “Inggih kula ingkang badhe nebus.”