Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




RUT 2:9 - Kitab Sutji

9 Delengen bae pategalan kang lagi diderepi wong iku. Ngetutna lakune wong wadon iku ana ing saburine. Amarga aku wus prentah marang batur-batur lanang, aja ana kang ngarubiru kowe. Manawa ngelak, menyanga ing genthong lan ngombea kang wis diangsu dening para batur.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




RUT 2:9
11 Iomraidhean Croise  

Gusti Allah tumuli ngandika maneh marang Sang Prabu Abimelekh sajroning pasupenan mau: “Ingsun mirsa yen anggonira mangkono iku metu saka ati kang jujur, lan iya Ingsun piyambak kang menggak marang sira supaya aja nganti gawe dosa marang Ingsun. Mulane sira ora Sunlilani nggepok wong wadon iku.


Welasa marang aku, welasa marang aku, heh mitra-mitraku, amarga aku digepok dening astane Allah.


pangandikane: “Para jebadaningSun aja nganti sira ganggu-gawe, lan aja nandukake piala marang para nabiningSun!”


Mangkono uga wong kang nyedhaki somahe pepadhane; ora ana wong siji-sijia kang nggepok wong wadon iku, kok luput ing paukuman.


Apadene sing sapa aweh banyu kang seger marang salah sawijining wong cilik iki sanadyana mung sacangkir, marga iku sakabatKu, Aku pitutur marang kowe satemene: wong iku mesthi bakal tampa pituwase.”


Mungguh prakara-prakara kang kamot ing layangmu marang aku iku, becik tumrape wong lanang, yen ora sesomahan,


Kita sumurup, yen sok wonga kang laire saka ing Allah iku ora gawe dosa, nanging malah kaayoman dening Panjenengane, kang miyos saka ing Allah, temah ora bisa kagepok dening si pangawak dursila.


Rut tumuli sujud nyembah raine konjem ing bumi sarta matur: “Margi saking punapa dene kula manggih kawelasan wonten ing ngarsa panjenengan, kok panjenengan ngantos nggatosaken dhateng kula, tiyang sanes bangsa?”


Boas banjur kandha marang Rut: “Rungokna dhisik, engger! Ora susah kowe ngasag-asag ana ing pategalan liyane, lan ora susah kowe lunga saka kene, nanging tetep cedhaka karo batur-baturku wadon.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan