Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




RUT 2:7 - Kitab Sutji

7 Kala wau wicantenipun makaten: Kula kelilana ngasag-asag lan nglempakaken sair ing sela-selanipun bentelan-bentelan, ing sawingkingipun tiyang derep. Wiwit dhateng kala wau enjing ngantos dumugi sapunika, terus ibut kemawon, saha sakedhap kemawon boten ngaso.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




RUT 2:7
14 Iomraidhean Croise  

Atine wong kesed iku kebak pepenginan, nanging tanpa guna, balik atine wong sregep iku kaparingan kaluberan.


Wedi-asih marang Sang Yehuwah iku pamerdi kang nuntun marang kawicaksanan, lan andhap-asor iku bebukaning kajen.


Wong miskin memelas celathune, nanging wong sugih songol wangsulane.


Apa kowe wis tau weruh wong kang sregep lan prigel ing gawe? Wong kang mengkono iku bakal ngawula ing ngarsaning ratu, ora ngawula marang wong kang asor.


Samubarang kabeh kang tinemu dening tanganmu supaya dilakoni, iku tindakna ing sabisa-bisamu, awit ing jagading wong mati kang bakal kokparani ora ana pagawean, panimbang-nimbang, kawruh lan kawicaksanan.


“Rahayu wong kang mlarat ing budi, awit iku kang padha nduweni Kraton ing Swarga.


Anggonmu taberi aja nganti kendho, padha dibanter ing roh, lan padha leladia marang Gusti.


Aja nganti kita kemba anggon kita gawe kabecikan, awit manawa wus tekan ing kalamangsane, kita bakal ngeneni, anggere kita ora nganti kendho.


lan diandhap-asor ing antarane siji lan sijine ana ing sajrone wedi asih marang Sang Kristus.


Rut wong Moab mau matur marang Naomi: “Kula badhe kesah dhateng ing pategilan, ngasag-asag wewulen wonten ing sawingkingipun tiyang ingkang welas dhateng kula.” Wangsulane Naomi: “Iya mangkata, engger.”


Rut wong Moab tumuli matur: “Malah inggih wonten dhawuhipun dhateng kula makaten: Kowe tetepa ngetutake batur-baturku bae, nganti tumeka sarampunge panenanku kabeh.”


Abdi kang mandhori wong derep mangsuli, ature: “Punika tiyang estri bangsa Moab ingkang tumut mantuk kaliyan Naomi saking ing tanah Moab.


Boas banjur kandha marang Rut: “Rungokna dhisik, engger! Ora susah kowe ngasag-asag ana ing pategalan liyane, lan ora susah kowe lunga saka kene, nanging tetep cedhaka karo batur-baturku wadon.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan