Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




RUT 2:6 - Kitab Sutji

6 Abdi kang mandhori wong derep mangsuli, ature: “Punika tiyang estri bangsa Moab ingkang tumut mantuk kaliyan Naomi saking ing tanah Moab.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




RUT 2:6
10 Iomraidhean Croise  

Unjuke Rama Abram: “Dhuh Yehuwah Allah, kawula badhe Paduka paringi punapa? Dene anggen kawula tilar donya punika badhe tanpa anak, temtunipun Eliezer tiyang Damsyik punika ingkang badhe nggadhahi sabarang darbek kawula.”


Rama Abraham mau dhawuh marang tuwa-tuwane abdine, kang dipracaya nguwasani kabeh kang ana ing daleme, pangandikane: “Tanganmu tumpangna ing sangisore cethikku,


temahan Yusuf oleh sihe bendarane kepareng dadi paladene. Malah nganti dipasrahi mengku dalem lan dipracaya nguwasani sabarang kagungane kabeh.


Bareng wis surup sing duwe pakebonan kandha karo mandhore: Buruh-buruh mau padha undangen, padha wenehana buruhane, wiwit sing mlebu keri dhewe nganti tekan sing mlebu dhisik dhewe.


“Sapa ta abdi kang setya lan pinter, kang tinanggenah dening bandarane nglurahi para kalerehane, kapasrahan nyadhongi pangan marang wong-wong mau ing wektu kang katamtokake?


Nanging ature Rut: “Kula sampun panjenengan peksa nilar panjenengan lajeng mantuk, boten ndherek panjenengan, awit dhatenga pundi kemawon purug panjenengan, kula inggih badhe ndherekaken, sarta wontena ing pundi kemawon anggen panjenengan nyare, kula inggih badhe ndherek sipeng. Bangsa panjenengan inggih bangsa kula, sarta Gusti Allah panjenengan inggih Gusti Allah kula;


Lan sakarone nuli padha mbanjurake lakune nganti tekan ing Betlehem. Bareng padha lumebu ing Betlehem, wong sakutha kabeh padha gumeder rame marga saka wong loro iku lan para wong wadon padha ngucap: “Apa iku Naomi?”


Kaya mangkono ulihe Naomi karo Rut wong Moab, mantune, kang melu bali saka ing tanah Moab. Lan tekane ing Betlehem pinuju ing mangsa wiwitane panen sair.


Boas banjur ngandika marang abdine kang ngulat-ulatake wong kang padha derep: “Wong wadon iku saka ngendi?”


Kala wau wicantenipun makaten: Kula kelilana ngasag-asag lan nglempakaken sair ing sela-selanipun bentelan-bentelan, ing sawingkingipun tiyang derep. Wiwit dhateng kala wau enjing ngantos dumugi sapunika, terus ibut kemawon, saha sakedhap kemawon boten ngaso.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan