RUT 2:3 - Kitab Sutji3 Rut banjur mangkat lan satekane ing pategalan tumuli ngasag-asag sair ana ing saburine wong kang derep; kabeneran ana ing bumi kang klebu kagungane Boas, panunggalaning kulawangsane Elimelekh. Faic an caibideil |
Bareng Gehazi lagi nyritakake bab anggone Nabi Elisa nggesangake bocah kang wus mati, wong wadon kang anake diuripake iku teka marek marang ing ngarsane Sang Nata lapur bab omah lan pategalane. Gehazi tumuli munjuk: “Dhuh gusti kawula Sang Prabu, punika tiyangipun estri saha punika ingkang dipun gesangaken dening Nabi Elisa.”