Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




RUT 2:20 - Kitab Sutji

20 Sawuse mangkono Naomi kandha marang mantune: “Wong iku muga kaberkahana dening Sang Yehuwah, kang karsa ngatingalake sih-kamirahane marang kang isih urip, sarta kang wis padha mati.” Sarta maneh calathune Naomi marang Rut: “Wong iku isih kaprenah sanak karo kita, iku panunggalane kang wajib nebus kita.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




RUT 2:20
15 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu Dawud banjur utusan wong menyang Yabesy-Gilead, kanthi kaweling: “Muga sira padha binerkahana ing Sang Yehuwah, amarga sira wus ngatonake katresnanira marang Sang Prabu Saul, gustinira, yaiku anggonira padha nyarekake layone.


Sang Prabu Dawud ngandika: “Apa isih ana warise Prabu Saul? Ingsun arsa nandukake sih marang wong iku marga saka Pangeran Yonatan.”


Nanging aku sumurup: Panebusku iku gesang, sarta ing wekasane Panjenengane bakal jumeneng ana ing lebuning bumi.


Mitra iku ing samangsa-mangsa ajeg bae katresnane, lan dadi sadulur ing sajroning kasusahan.


Saupama ana sadulurira kang tumiba ing kamlaratan, nganti ngedol saperanganing palemahane, iku sanake kang duwe wewenang nebus, yaiku sanake kang cedhak dhewe, iku maraa nebus kang wus kaedol sadulure iku.


Aku bungah banget ing sajrone Gusti, dene wusanane angen-angen lan pangrasamu tumrap aku tuwuh maneh. Kowe pancen tansah padha migatekake, nanging ora ana kobermu.


Rut wong Moab tumuli matur: “Malah inggih wonten dhawuhipun dhateng kula makaten: Kowe tetepa ngetutake batur-baturku bae, nganti tumeka sarampunge panenanku kabeh.”


Lah saikine, pancen aku salah sawijining sanak, kang wajib nebus, nanging sanadyan mangkono, isih ana liyane maneh kang wajib nebus kang luwih cedhak katimbang aku.


Mulane para wong wadon padha ngucap marang Naomi: “Pinujia Sang Yehuwah, dene ing dinten punika kanthi legawaning panggalih maringi juru panebus dhateng panjenengan, mugi namanipun dadosa misuwur wonten ing Israel.


Kula lajeng manah: prayogi ugi bab punika kula aturaken dhateng panjenengan makaten: Sumangga siti punika panjenengan pundhut wonten ing ngarsanipun para sadherek ingkang sami lenggahan punika saha para sesepuhipun bangsa kita. Manawi panjenengan ingkang badhe nebus, sumangga panjenengan tebus; manawi panjenengan boten karsa nebus, sumangga kula panjenengan paringi sumerep, supados kula ngretos, amargi boten wonten ingkang wajib nebus kajawi panjenengan, lan sasampunipun panjenengan: kula.” Pangucape kang ditari: “Inggih kula ingkang badhe nebus.”


Kang wajib nebus banjur calathu: “Manawi makaten kula boten saged nebus, amargi badhe ngrisakaken siti pusaka kula piyambak. Pangajeng-ajeng kula, mugi panjenengan karsa nebus ingkang pancenipun kedah kula tebus, amargi kula boten saged nebus.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan