2 Rut wong Moab mau matur marang Naomi: “Kula badhe kesah dhateng ing pategilan, ngasag-asag wewulen wonten ing sawingkingipun tiyang ingkang welas dhateng kula.” Wangsulane Naomi: “Iya mangkata, engger.”
Sabaline kongkonan banjur padha matur marang Yakub: “Kula sampun sami sowan dhateng ingkang raka Esap, saha panjenenganipun sampun bidhal kadherekaken tiyang sekawan atus perlu methuk panjenengan.”
Mangkono uga pakebonanira anggur iya aja sira undhuhi ambal kaping pindho, sarta wohe kang kecer ana ing lemah aja sira kukupi, iku sira kerekna kanggo wong miskin lan wong manca; Ingsun iki Yehuwah Allahira.
Samangsa sira padha ngeneni pametune buminira, aja sira entekake nganti tekan ing pinggire palemahanira, lan kekarene panenanira aja sira asagi, iku katinggala kanggo wong miskin lan wong neneka; Ingsun iki Yehuwah, Allahira.”
Rut banjur mangkat lan satekane ing pategalan tumuli ngasag-asag sair ana ing saburine wong kang derep; kabeneran ana ing bumi kang klebu kagungane Boas, panunggalaning kulawangsane Elimelekh.
Kala wau wicantenipun makaten: Kula kelilana ngasag-asag lan nglempakaken sair ing sela-selanipun bentelan-bentelan, ing sawingkingipun tiyang derep. Wiwit dhateng kala wau enjing ngantos dumugi sapunika, terus ibut kemawon, saha sakedhap kemawon boten ngaso.”
Sawuse iku wong wadon mau matur: “Mugi abdi panjenengan angsala sih piwelas wonten ing ngarsa panjenengan.” Wong wadon mau tumuli metu, banjur gelem mangan lan ulate ora suntrut maneh.