Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




RUT 2:13 - Kitab Sutji

13 Rut banjur matur: “Dhuh bendara, kula saestu tampi sihpiwelas wonten ing ngarsa panjenengan, awit panjenengan sampun karsa paring panglipur dhateng kula, sarta sampun nentremaken manahipun ingkang abdi sanadyan kula punika boten sami kaliyan para abdi panjenengan estri.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




RUT 2:13
15 Iomraidhean Croise  

Sabaline kongkonan banjur padha matur marang Yakub: “Kula sampun sami sowan dhateng ingkang raka Esap, saha panjenenganipun sampun bidhal kadherekaken tiyang sekawan atus perlu methuk panjenengan.”


Yakub tumuli ngucap: “Sampun makaten ta, manawi kula sampun angsal sih wonten ngarsa panjenengan, mugi karsaa nampeni atur-atur kula punika saking tangan kula, awitdene sareng kula sumerep pasemon panjenengan, mangka panjenengan karsa nanggapi kula, punika prasasat kula sumerep wadananipun Gusti Allah.


Esap mangsuli: “Yen mangkono, becike kowe daktinggali bala kang melu aku iki.” Nanging wangsulane Yakub: “Boten sisah makaten, kula sampun cekap angsal sih wonten ngarsa panjenengan punika.”


Esap banjur takon: “Karepmu kapriye mungguh golongan kang kapethuk aku mau?” Wangsulane: “Punika supados kula angsal sih panjenengan.”


Nanging Sang Sikhem banget kayungyune marang Dina, anake Yakub; sarta kasmaran banget marang bocah wadon mau, mulane tansah dibujuk sarana tembung manis.


Gusti Allah Kang Mahakuwaos muga karsaa ngosikake panggalihe panggedhe mau satemah kowe padha oleh kawelasan, supaya nglilanana sadulurmu sijine karo Benyamin padha mulih bareng salakumu. Dene mungguh aku iki, manawa meksa kudu kelangan anak-anakku, iya wis kareben kelangan.”


Sang Prabu banjur dhawuh marang Ziba: “Yen mengkono saduweke Mefiboset dadia duwekira.” Unjuke Ziba: “Dhawuh dalem kawula pundhi. Mugi kawula lestantun manggih sih wonten ing ngarsa dalem, dhuh gusti kawula Sang Prabu.”


Wedi-asih marang Sang Yehuwah iku pamerdi kang nuntun marang kawicaksanan, lan andhap-asor iku bebukaning kajen.


Karomaneh jenenge sakehe Baal bakal Sunbirat saka ing cangkemira, banjur ora disebut-sebut maneh.


sepi ing pamrih utawa pangalembana kang tanpa guna. Nanging kosokbaline kalawan andhap asor kang siji nganggepa marang sijine luwih utama tinimbang awake dhewe;


Bojone tumuli mangkat nusul arep diarih-arih murih baline; lakune kanthi batur lanang siji lan kuldi loro. Satekane ing kana banjur diajak dening wong wadon enom iku lumebu ing omahe bapakne. Bareng bapakne wong wadon mau weruh tekane, tumuli diacarani klawan bungah.


Sang Yehuwah muga karsaa paring piwales marang panggawemu iku, muga Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel, kang wus kokungseni ing ayoming swiwine iku karsaa maringi pituwas marang kowe kang satimbang.”


Bareng tumeka wayahe wong mangan, Rut tumuli dikandhani dening Boas: “Majua mrene, melua mangan roti lan pulukanmu celupna ing cokak iki.” Rut dadine banjur lungguh ana ing sandhinge para wong derep, lan diulungi emping gandum gorengan dening Boas; anggone mangan nganti wareg, malah ana sisane.


Sawuse iku wong wadon mau matur: “Mugi abdi panjenengan angsala sih piwelas wonten ing ngarsa panjenengan.” Wong wadon mau tumuli metu, banjur gelem mangan lan ulate ora suntrut maneh.


Wong wadon iku tumuli gumregah ngadeg, sujud nyembah sumungkem raine konjem ing bumi sarta matur: “Abdi paduka punika saestu kepengin dados parekan ingkang ngwisuhi sukunipun para abdi paduka punika.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan