Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




RUT 2:12 - Kitab Sutji

12 Sang Yehuwah muga karsaa paring piwales marang panggawemu iku, muga Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel, kang wus kokungseni ing ayoming swiwine iku karsaa maringi pituwas marang kowe kang satimbang.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




RUT 2:12
29 Iomraidhean Croise  

Mugi kawula Paduka reksa kados maniking mripat, sarta Paduka dhelikaken wonten ing ayoming swiwi Paduka:


endahe ngungkuli mas, malah ngluwihi mas murni akeh; legine ngungkuli madu, malah ngungkuli rembesing madu saka ing tala tawon.


Kaadilan Paduka punika kados redi-redining Allah, pancasan Paduka kados samodra agung ingkang nggegirisi. Dhuh Yehuwah Paduka ingkang mitulungi manungsa lan kewan.


Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Aja ngrusak. Miktam anggitane Prabu Dawud, nalika lumajeng saka ing ngarsane Sang Prabu Saul menyang ing guwa.


Wong mursid bakal padha bungah-bungah marga nyumurupi piwales, sarta bakal ngwisuhi sikile kalawan getihe wong duraka.


Paduka punika saestu dados papan pangayoman kawula, menara ingkang santosa wonten ing ngajenging mengsah.


Manawi kawula wonten ing patileman kengetan dhumateng Paduka, sadalu muput anggen kawula semedi dhumateng Paduka,


kowe bakal dikemuli kalawan elare, bakal diayomi ing sangisoring swiwine, kasetyane iku minangka tameng lan pager tembok.


Wong duraka oleh bebathen kang muspra, nanging sing sapa nyebar kabeneran oleh ganjaran kang tetep.


Satemene panganti-anti iku pancen ana, lan pangarep-arepmu ora bakal ilang.


Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Ampeten anggonira nangis, lan ampeten dlewering luh saka ing mripatira, amarga tumrap kangelanira ana ganjarane, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –, anak-anakira bakal mulih saka ing nagaraning mungsuh.


Yerusalem, Yerusalem kang mateni para nabi lan mbenturi watu marang wong-wong kang kautus nemoni kowe, wis nganti ping pira anggonKu kapengin nglumpukake anak-anakmu, kaya babon anggone nglumpukake kuthuk-kuthuke ing sangisoring suwiwine, nanging kowe padha ora gelem.


Padha bungaha lan sukarenaa, sabab gedhe ganjaranmu ana ing swarga, awit iya kaya mangkono anggone wong-wong padha nganiaya para nabi sadurunge kowe.”


“Padha dieling, aja padha nglakoni kawajibaning agamamu ana ing sangareping wong, supaya katona ing wong iku, awit yen mangkono, kowe ora bakal oleh peparing apa-apa saka Ramamu kang ana ing swarga.


Nanging kowe, padha tresnaa marang satrumu, padha becikana sarta silihana tanpa pangarep-arep piwelase, temah bakal gedhe ganjaranmu, apamaneh kowe bakal padha dadi putraning Allah Kang Mahaluhur, amarga Panjenengane nindakake kasaenan marang wong kang padha ora weruh ing kabecikan lan para wong ala.


Aja nganti kaunggulanmu iku diwurungake dening wong kang rewa-rewa andhap-asor lan memuja marang malaekat, lan maneh ngaku-aku ndeleng marang kaanan kang ora katon, apadene tanpa waton anggone gumunggung dening pamikire kang cara kadonyan,


Muga Gusti karsa maringake sih-rahmate marang dheweke mbesuk ing dinane. Kaya apa anggone leladi ana ing Efesus iku kowe luwih mangreti tinimbang aku.


Saiki aku wus ginantungan makuthaning kayekten, kang bakal kaparingake marang aku dening Gusti, Sang Hakim kang adil, ing Dinane, tur ora mung marang aku bae, nanging uga marang sakehing wong kang padha cecengklungen marang rawuhe.


sarta nganggep, manawa karemehake amarga saka Sang Kristus iku kasugihan kang luwih gedhe tinimbang karo sakehing rajabranane tanah Mesir, awit kang ditenga iku kanugrahan.


Nanging manawa tanpa pracaya mokal yen ndadekake keparenging Allah. Jalaran sing sapa sowan marang ngarsane Gusti Allah iku kudu pracaya manawa Gusti Allah iku ana, sarta maringi ganjaran marang wong kang padha temen-temen ngupaya marang Panjenengane.


Amarga Gusti Allah ora kurang adil, nganti Panjenengane banjur kesupen marang ing panggawemu lan katresnanmu kang koklairake kagem asmane srana anggonmu padha ngladeni para suci, kang isih koklakoni nganti saprene iki.


Nanging ature Rut: “Kula sampun panjenengan peksa nilar panjenengan lajeng mantuk, boten ndherek panjenengan, awit dhatenga pundi kemawon purug panjenengan, kula inggih badhe ndherekaken, sarta wontena ing pundi kemawon anggen panjenengan nyare, kula inggih badhe ndherek sipeng. Bangsa panjenengan inggih bangsa kula, sarta Gusti Allah panjenengan inggih Gusti Allah kula;


Boas mangsuli: “Satemene aku wis diwartani apa sapanggawemu marang maratuwamu ing samatine bojomu; anggonmu ninggal bapa-biyungmu lan tanah kelairanmu, marani bangsa kang ora koktepungi ing maune.


Rut banjur matur: “Dhuh bendara, kula saestu tampi sihpiwelas wonten ing ngarsa panjenengan, awit panjenengan sampun karsa paring panglipur dhateng kula, sarta sampun nentremaken manahipun ingkang abdi sanadyan kula punika boten sami kaliyan para abdi panjenengan estri.”


Lan piyambakipun ingkang badhe nglejaraken panggalih panjenengan saha ngopeni panjenengan ing wekdal panjenengan sampun uwanen, amargi mantu panjenengan ingkang tresna dhateng panjenengan sampun nglairaken jabang bayi, ingkang aosipun nglangkungi anak jaler pitu.”


Ing dina iki sira wus nelakake kabecikanira marang ingsun: sanadyan Sang Yehuwah wus masrahake ingsun marang tanganira ewadene sira ora nyedani ingsun.


Saupama sawijining wong kepethuk karo satrune apa iya dieculake temah iku bisa lunga kanthi slamet? Muga-muga Sang Yehuwah ngganjara kabecikan marang sira, minangka lirune apa kang wus sira tandukake marang ingsun ing dina iki.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan