RUT 2:10 - Kitab Sutji10 Rut tumuli sujud nyembah raine konjem ing bumi sarta matur: “Margi saking punapa dene kula manggih kawelasan wonten ing ngarsa panjenengan, kok panjenengan ngantos nggatosaken dhateng kula, tiyang sanes bangsa?” Faic an caibideil |
Sanadyan sakathahing kulawarganipun abdi dalem punika ingkang pancenipun pantes kaukum pejah dening gusti kawula Sang Prabu, ewadene panjenengan dalem sampun njunjung abdi dalem kagolongaken tiyang ingkang sami tampi cadhong rejeki saking kraton dalem. Punapa ta wewenang kawula, dene taksih purun nyuwun punapa-punapa dhateng Sang Prabu?”
banjur ditakoni dening maratuwane: “Ana ing ngendi anggonmu ngasag sadina iki lan anggonmu nyambut-gawe ana ing ngendi? Kaberkahana wong kang nggatekake kowe iku.” Rut banjur nyritakake marang maratuwane anggone nyambut-gawe iku ana ing panggonane sapa, pangucape: “Ingkang kula dhereki nyambut-damel ing dinten punika asmanipun Boas.”