Sang Prabu anggone ngedalake dhuwit iki kanthi kabubuhake marang Israel lan marang sakehe wong kang sugih brewu, supaya kenaa diaturake marang Sang Raja ing Asyur: Saben wong siji kapundhutan selaka seket sekel. Sang Raja ing Asyur banjur kondur, ora tetep ana ing nagara kono.
Wong mau jenenge Elimelekh, somahe jenenge Naomi lan anake loro jenenge Makhlon lan Khilyon, padha wong Efrata, saka ing Betlehem – Yehuda; satekane ing tlatah Moab, banjur padha manggon ana ing kono.
Rut wong Moab mau matur marang Naomi: “Kula badhe kesah dhateng ing pategilan, ngasag-asag wewulen wonten ing sawingkingipun tiyang ingkang welas dhateng kula.” Wangsulane Naomi: “Iya mangkata, engger.”
Lah saikine, pancen aku salah sawijining sanak, kang wajib nebus, nanging sanadyan mangkono, isih ana liyane maneh kang wajib nebus kang luwih cedhak katimbang aku.