Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




RUT 1:9 - Kitab Sutji

9 Sang Yehuwah muga maringana sih-kamurahan, kowe padha oleh pangayoman siji-sijimu ana ing pamengkuning somah.” Mantune nuli padha diambungi, nanging banjur padha nangis sora

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




RUT 1:9
8 Iomraidhean Croise  

Yakub banjur nyedhak, kang rama diaras. Nalika Rama Iskak mambet gandane sandhangane Yakub, banjur maringi berkah, pangandikane: “Lah gandane anakku iku kaya gandane bumi kang diberkahi dening Sang Yehuwah.


Sawuse mangkono Yakub tumuli ngambung Rakhel lan nangis seru.


Apamaneh aku ora nganti bisa ngambungi putu-putuku lanang lan anak-anakku wadon. Pratingkahmu mangkono iku ora patut.


Sang Yusuf banjur ngarasi lan ngrangkuli para sadhereke klawan muwun. Sawuse mangkono para sadhereke lagi padha guneman karo Sang Yusuf.


Wong kabeh padha nangis senggruk-senggruk lan banjur padha ngrangkul Rasul Paulus kalawan ngambungi bola-bali.


karo matur: “Boten, kula sami badhe ndherek panjenengan kondur murugi bangsa panjenengan.”


Naomi nuli kandha marang mantune karo mau: “Wis padha balia mulih menyang omahe mbokmu dhewe-dhewe, Sang Yehuwah muga maringana kadarman marang kowe dikaya kang wis dadi panggawemu marang kang wis padha tinggal donya lan marang aku;


Rut banjur dikandhani dening Naomi maratuwane: “He anakku engger, apa ora prayoga aku nggolekake pangayoman kowe, murih kabegjanmu?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan