Bareng wus pitung taun wong wadon iku bali saka ing nagarane wong Filisti lan banjur marek marang ing ngarsane Sang Nata lapur bab omah lan pategalane.
Naomi nuli mangkat kanthi mantune arep mulih saka ing tanah Moab, amarga ing tanah Moab kono dheweke oleh warta, yen Sang Yehuwah wus nuweni umate kalawan diparingi pangan.
Naomi nuli kandha marang mantune karo mau: “Wis padha balia mulih menyang omahe mbokmu dhewe-dhewe, Sang Yehuwah muga maringana kadarman marang kowe dikaya kang wis dadi panggawemu marang kang wis padha tinggal donya lan marang aku;