Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




RUT 1:22 - Kitab Sutji

22 Kaya mangkono ulihe Naomi karo Rut wong Moab, mantune, kang melu bali saka ing tanah Moab. Lan tekane ing Betlehem pinuju ing mangsa wiwitane panen sair.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




RUT 1:22
6 Iomraidhean Croise  

banjur padha dipasrahake marang tangane wong Gibeon. Wong iku banjur padha digantung dening wong Gibeon ana ing pagunungan ana ing ngarsane Sang Yehuwah. Wong pepitu iku padha mati bareng. Wong iku anggone padha kaukum pati nalika wiwitane mangsa panen, iya wiwitane mangsa panen sair.


“Sira ndhawuhana marang wong Israel lan tutura: Samangsa sira wus lumebu ing tanah kang bakal Sunparingake marang sira, saben bubar panen, wiwitaning panenanira sabentel sira ladekna marang imam,


bentelan iku banjur digoyangake dening imam ana ing ngarsane Sang Yehuwah, supaya Sang Yehuwah rena marang sira. Anggone nggoyangake ing dina sawuse sabat.


Kaya mangkono Rut ora pisah-pisah karo batur-bature wadon Boas anggone ngasag-asag, nganti tumeka salebaring panen sair lan gandum, lan sasuwene iku dheweke manggon nunggal karo maratuwane.


Abdi kang mandhori wong derep mangsuli, ature: “Punika tiyang estri bangsa Moab ingkang tumut mantuk kaliyan Naomi saking ing tanah Moab.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan