Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




RUT 1:20 - Kitab Sutji

20 Nanging calathune Naomi marang wong-wong mau: “Aku bok aja kokarani Naomi, aranana Mara, amarga kang Mahakuwasa ngganjar pait-getir marang aku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




RUT 1:20
16 Iomraidhean Croise  

Nalika Rama Abram yuswa sangang puluh sanga taun, diketingali dening Sang Yehuwah sarta kadhawuhan mangkene: “Ingsun iki Allah Kang Mahakawasa, sira lumakua ana ing marginingSun lan ditanpa cacad.


Gusti Allah Kang Mahakuwaos muga karsaa ngosikake panggalihe panggedhe mau satemah kowe padha oleh kawelasan, supaya nglilanana sadulurmu sijine karo Benyamin padha mulih bareng salakumu. Dene mungguh aku iki, manawa meksa kudu kelangan anak-anakku, iya wis kareben kelangan.”


Apa kowe bisa njajagi wewadosing Allah, apa bisa nyumurupi wates-watese pangwaose Kang Mahakuwasa?


padha sumurupa, yen Gusti Allah wus tumindak ora adil marang aku, sarta aku dikrukub kalawan jaringe.


Sanyatane rahayu wong kang winelehake dening Allah; mulane aja nampik pamerdine Kang Mahakuwasa.


Marga jemparinge Kang Mahakuwasa padha tumancep ing awakku, ampuhe sinesep ing nyawaku; aku tinempuh ing pagiris kang saka ing Allah.


kang ora marengake aku unjal ambekan, nanging kang malah maregi aku kalawan pait-getir.


Ewadene ing sadina muput anggonku kena ing bebendu, sarta saben esuk ora sepi ing paukuman.


Dhuh Yehuwah, punapaa dene kawula Paduka sebrataken, saha wadana Paduka Paduka engokaken saking kawula?


Banjur padha tekan ing Mara, nanging banyu ing Mara kono ora kena diombe, marga pait, mulane panggonan kono iku katelah aran Mara.


Karodene Ingsun ora mung damel prasetyan karo leluhurira iku, yen bakal Sunparingi tanah Kanaan, tanah panggonane neneka,


Aku sesambat nyuwun tulung nganti esuk; kayadene singa, iya mangkono iku anggone Sang Yehuwah ngremuk sakehing balungku; wiwit siyang ngantos dalu Paduka ngendelaken kawula makaten kemawon.


Sarupaning patrapan iku samangsa lagi kaparingake pancen ora mbungahake, malah nyedhihake. Nanging sateruse banjur metokake wohing kayekten kang njalari tentrem marang wong-wong kang wis padha kalantehake ing bab iku.


“Ingsun iki Sang Alfa lan Sang Omega, Pangandikane Gusti Allah kang ana, lan kang wus ana, sarta kang bakal rawuh, kang Mahakuwasa.”


Lan ana ing kono iku aku ora weruh Padaleman Suci; amarga Pangeran Allah, Gusti kang Mahakuwaos iku Padaleman Suci, mangkono uga Sang Cempe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan