2 Wong mau jenenge Elimelekh, somahe jenenge Naomi lan anake loro jenenge Makhlon lan Khilyon, padha wong Efrata, saka ing Betlehem – Yehuda; satekane ing tlatah Moab, banjur padha manggon ana ing kono.
Mulane bangsa iku mung arep ditogake bae nganti tumeka wektune wanita kang pinesthi mbabar putra wus kelakon mbabar, nuli kekarening para sadulure bakal padha bali nunggal karo wong Israel.
Boas tumuli kandha marang para tetuwane lan marang wong akeh: “Panjenengan sadaya sami dados seksi ing dinten punika, bilih kula numbas samukawis tilaranipun Khilyon kaliyan Makhlon, panumbas kula saking tanganipun Naomi;
Dawud iku anake wong Efrata, ing Betlehem-Yehuda, kang aran Isai. Isai duwe anak lanang wolu. Nalika jumenenge Sang Prabu Saul wong iku wis tuwa lan akeh umure.