RUT 1:17 - Kitab Sutji17 wontena pundi kemawon anggen panjenengan seda, kula inggih badhe ndherek pejah wonten ing ngriku, sarta wonten ing ngriku anggen kula kakubur. Pangeran Yehuwah mugi maringana paukuman dhateng kula, malah langkung saking punika, saupami kula ngantosa pisah kaliyan panjenengan, kejawi manawi pejah.” Faic an caibideil |
Nanging ature Rut: “Kula sampun panjenengan peksa nilar panjenengan lajeng mantuk, boten ndherek panjenengan, awit dhatenga pundi kemawon purug panjenengan, kula inggih badhe ndherekaken, sarta wontena ing pundi kemawon anggen panjenengan nyare, kula inggih badhe ndherek sipeng. Bangsa panjenengan inggih bangsa kula, sarta Gusti Allah panjenengan inggih Gusti Allah kula;
Wangsul manawi rama ngersakaken supados panjenengan manggih bilai, mugi Sang Yehuwah maringana paukuman dhateng Yonatan, malah nglangkungana punika, manawi kula boten matur dhateng panjenengan lan nglilani panjenengan tindak, supados panjenengan saged tindak kanthi wilujeng. Mugi-mugi Pangeran Yehuwah nunggil kaliyan panjenengan kados dene anggenipun nunggil kaliyan kanjeng rama kala rumiyin.