RUT 1:16 - Kitab Sutji16 Nanging ature Rut: “Kula sampun panjenengan peksa nilar panjenengan lajeng mantuk, boten ndherek panjenengan, awit dhatenga pundi kemawon purug panjenengan, kula inggih badhe ndherekaken, sarta wontena ing pundi kemawon anggen panjenengan nyare, kula inggih badhe ndherek sipeng. Bangsa panjenengan inggih bangsa kula, sarta Gusti Allah panjenengan inggih Gusti Allah kula; Faic an caibideil |
Mulane Ingsun ngundhangake dhawuh: saben wong panunggalane bangsa, suku bangsa utawa kang basane apa bae, kang nglairake pangala-ala marang Allahe Sadrakh, Mesakh lan Abednego, iku bakal katengkel-tengkel sarta omahe bakal karubuhake kadadekake pawuhan, amarga ora ana allah liyane kang bisa ngluwari mangkono iku.”
Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi ngandika mangkene: “Ing wektu iku ana wong sapuluh panunggalane para bangsa lan basa warna-warna, padha nggondheli pojoking jubahe wong Yahudi siji kalawan kenceng sarta ngucap: Kula sami badhe tumut panjenengan sadaya, margi kula sami mireng, bilih panjenengan sami tinunggil dening Gusti Allah!”