Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




RUT 1:15 - Kitab Sutji

15 Naomi tumuli calathu: “Lah kuwi pripeanmu wis bali ngulihi bangsane lan para allahe, bok kowe iya bali melu pripeanmu!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




RUT 1:15
16 Iomraidhean Croise  

Nabi Elia ngandika marang Elisa: “Kowe keria ing kene, sabab Pangeran Yehuwah ngutus aku menyang Betel.” Nanging Elisa mangsuli, ature: “Dhemi Pangeran Yehuwah ingkang gesang saha dhemi gesang panjenengan piyambak, kula saestu boten badhe nilar panjenengan.” Dadine banjur padha tindak menyang Betel.


Nanging tiyang-tiyang ingkang nyleweng dhateng ing margi ingkang menggak-menggok, mugi sami katundhunga dening Pangeran Yehuwah sareng kaliyan tiyang-tiyang ingkang sami nindakaken piawon. Tentrem rahayu tumrapa marang Israel!


sabab wong mau mbebujuk marang awake dhewe, nganti wong nyumurupi kaluputane lan sengit marang iku.


karomaneh wong kang padha nyingkur marang Sang Yehuwah sarta ora ngupaya Pangeran Yehuwah lan ora neges marang Panjenengane.”


Nanging atur wangsulane marang Nabi Musa: “Kula boten tumut, kula badhe mantuk dhateng tanah kula lan dhateng panggenanipun kula-wangsa kula.”


Bareng wis cedhak ing desa kang kaparanan, Gusti Yesus kaya-kaya arep nglajengake tindake.


Nanging wong kagunganingSun kang bener iku uripe marga saka pracaya. Dene manawa mundur, Ingsun bakal ngemohi wong iku.”


Nanging manawa panimbangmu ora prayoga ngabekti marang Pangeran Yehuwah, mara ing dina iki kowe padha miliha, sapa kang arep kokbekteni, apa allah kang dibekteni para leluhurmu ana ing sabrange bengawan Efrat, apa allahe wong Amori kang nagarane padha kokenggoni iki. Nanging mungguh ing aku lan sakulawangsaku iki, aku bakal padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah!”


Nanging pangandikane Senapati Yusak marang wong-wong mau: “Kowe mangsa padha bisaa ngabekti marang Sang Yehuwah, amarga Panjenengane iku Gusti Allah kang suci, kang butajengan. Panjenengane bakal ora ngapura kaluputan lan dosamu.


Asale Anti-Kristus iku pancen saka ing antara kita, nanging sanyatane padha dudu panunggalan kita; awit saupama temen-temen dadia panunggalan kita, mesthi padha tetep nunggal karo kita. Nanging kelakone iku supaya tetelaa yen dheweke ora kabeh nyata dadi panunggalan kita.


Panjenengan dalem punapa boten badhe ndarbeni ingkang dados peparingipun Sang Kamos, allah panjenengan dalem? Makaten ugi kawula, inggih ngebeki sadaya ingkang sampun karebat dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula kangge kawula sadaya.


Mantune tumuli padha nangis maneh kalawan swara sora, Orpa banjur ngambung maratuwane lan pamitan, nanging Rut kang isih nggondheli dheweke.


Nanging ature Rut: “Kula sampun panjenengan peksa nilar panjenengan lajeng mantuk, boten ndherek panjenengan, awit dhatenga pundi kemawon purug panjenengan, kula inggih badhe ndherekaken, sarta wontena ing pundi kemawon anggen panjenengan nyare, kula inggih badhe ndherek sipeng. Bangsa panjenengan inggih bangsa kula, sarta Gusti Allah panjenengan inggih Gusti Allah kula;


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan