Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




RUT 1:14 - Kitab Sutji

14 Mantune tumuli padha nangis maneh kalawan swara sora, Orpa banjur ngambung maratuwane lan pamitan, nanging Rut kang isih nggondheli dheweke.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




RUT 1:14
22 Iomraidhean Croise  

Apamaneh aku ora nganti bisa ngambungi putu-putuku lanang lan anak-anakku wadon. Pratingkahmu mangkono iku ora patut.


Esuke isih umun-umun Pak Laban ngambungi anak-putune lanang wadon sarta padha diberkahi; sawuse mangkono banjur budhal mulih menyang panggonane dhewe-dhewe.


Sawuse mangkono wong akeh padha nyabrang ing bengawan Yarden; Sang Prabu nuli pamitan marang Barzilai kanthi diaras lan uga banjur nyabrang. Wong iku banjur mulih menyang ing papan padunungane.


Elisa banjur ninggal sapine lan mlayu nututi Nabi Elia, kalawan matur: “Keparenga kula badhe ujung dhateng bapak saha ibu kula rumiyin, mangke lajeng badhe ndherek panjenengan.” Paring wangsulane: “Iya becik, muliha dhisik, nanging elinga marang apa kang wus daktindakake marang kowe.”


Mitra iku ing samangsa-mangsa ajeg bae katresnane, lan dadi sadulur ing sajroning kasusahan.


Ana kanca kang marakake sangsara, nanging uga ana mitra kang rumakete ngungkuli sadulur.


Amarga Pangeran Yehuwah bakal paring sih-kawelasan marang Yakub lan bakal milih Israel maneh lan bakal marengake padha dedunung ana ing tanahe, banjur wong bangsa liya bakal padha awor lan manunggal karo tedhake Rama Yakub.


Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi ngandika mangkene: “Ing wektu iku ana wong sapuluh panunggalane para bangsa lan basa warna-warna, padha nggondheli pojoking jubahe wong Yahudi siji kalawan kenceng sarta ngucap: Kula sami badhe tumut panjenengan sadaya, margi kula sami mireng, bilih panjenengan sami tinunggil dening Gusti Allah!”


Sing sapa nresnani bapa utawa biyunge nganti ngungkuli Aku, iku ora pantes tumraping Aku, lan sing sapa nresnani anake lanang utawa wadon ngungkuli Aku, iku ora pantes tumraping Aku.


Gusti Yesus banjur ngandika marang para sakabat: “Manawa ana wong kang arep ngetut-buri Aku, iku kudu nyingkur awake dhewe sarta manggula salibe lan melua Aku.


Bareng wong anom mau krungu pangandika kang mangkono iku, banjur mundur kalawan sedhih, amarga bandhane akeh.


Ewasamono iya ana wong lanang sawatara kang manunggal karo Rasul Paulus lan padha manjing pracaya, kayata Dhionesius, warganing pradata Areopagus, lan wong wadon kang aran Damaris, sarta uga wong-wong liyane bebarengan karo wong-wong mau.


Wedi-asiha marang Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, ngabektia lan rumaketa marang Panjenengane, sarta anggonmu nglairake sumpah iya demia asmane.


nanging kowe kang padha rumaket marang Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, isih padha lestari urip nganti tekan ing dina iki.


awit Demas wis rumaket marang donya iki lan ninggal aku. Dheweke wis mangkat menyang Tesalonika. Kreskes wis lunga menyang Galati lan Titus menyang Dhalmatia.


Balik mungguh kita iki dudu panunggalane wong-wong kang mundur sarta nemahi karusakan, nanging kang padha pracaya lan kang kapitulungan nyawane.


lan nganti nglairake anak lanang pisan, apa iya kena kok enteni nganti tumeka ing diwasane? Apa iya marga saka iku kowe nahan-nahanake padha ora omah-omah? Aja kaya mangkono ta, dhuh anak-anakku! Kang dakrasakake iki rak luwih pait banget katimbang karo kowe, dene astane Sang Yehuwah nganti tumempuh marang aku kaya mangkene.”


Naomi tumuli calathu: “Lah kuwi pripeanmu wis bali ngulihi bangsane lan para allahe, bok kowe iya bali melu pripeanmu!”


Naomi banjur budhal saka papan padunungane, kairingake mantune karo pisan. Bareng ana ing dedalan arep mulih menyang tanah Yehuda,


Boas mangsuli: “Satemene aku wis diwartani apa sapanggawemu marang maratuwamu ing samatine bojomu; anggonmu ninggal bapa-biyungmu lan tanah kelairanmu, marani bangsa kang ora koktepungi ing maune.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan