RUT 1:12 - Kitab Sutji12 Padha muliha bae, dhuh anak-anakku, wis padha mangkata, aku rak wis ketuwan kanggo omah-omah. Saupama aku mosika: aku isih duwe pangarep-arep, malah sanadyan mengko bengi aku duwe bojo, Faic an caibideil |
lan nganti nglairake anak lanang pisan, apa iya kena kok enteni nganti tumeka ing diwasane? Apa iya marga saka iku kowe nahan-nahanake padha ora omah-omah? Aja kaya mangkono ta, dhuh anak-anakku! Kang dakrasakake iki rak luwih pait banget katimbang karo kowe, dene astane Sang Yehuwah nganti tumempuh marang aku kaya mangkene.”