1 Nalika jumenenge para hakim tanah Israel nuju kambah ing pailan. Banjur ana sawijining wong ing Betlehem-Yehuda kang lunga neneka ana ing ngarene tanah Moab karo somahe lan anake lanang loro.
Bareng ing tanah kono pinuju pailan, Rama Abram bidhal menyang ing tanah Mesir, sumedya lereb ana ing kono kayadene wong manca, marga pailane nggegirisi banget.
Nalika iku ing tanah kono kambah ing pailan, iki dudu pailan sing dhisik kang kelakon nalika jamane Rama Abraham. Rama Iskak tumuli tindak menyang Gerar manggihi Sang Prabu Abimelekh rajane bangsa Filisti.
Nalika jumenenge Sang Prabu Dawud kelakon ana mangsa paceklik lawase telung taun muput. Sang Prabu Dawud banjur nyuwun pitedah marang Sang Yehuwah. Pangandikane Sang Yehuwah: “Saul lan kulawargane padha utang getih, amarga mateni wong-wong Gibeon.”
“He, anaking manungsa, manawa ana sawijining nagara kang dosa marang Ingsun kanthi patrap ora setya lan Ingsun banjur ngayatake astaningSun prelu nglawan kalawan nyirnakake pasadhiyane pangan lan ndhatengake mangsa pailan marang nagara iku sarta manungsa lan kewan ing nagara kono kasirnakake,
Amarga mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Malah ngluwihi iku, yaiku manawa Ingsun ndhatengake paukumaningSun patang warna kang abot-abot iku bareng, pedhang, pailan, kewan galak lan pageblug ana ing Yerusalem, kang nyirnakake manungsa lan kewan ing kono!
“Sanadyan Ingsun wus ngganjar marang sira untu kang ora kecak pangan ing kuthanira kabeh, lan kekurangan roti ana ing sakehe papan panggonanira, ewasamono sira padha ora mratobat marang Ingsun,” mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
Mulane bangsa iku mung arep ditogake bae nganti tumeka wektune wanita kang pinesthi mbabar putra wus kelakon mbabar, nuli kekarening para sadulure bakal padha bali nunggal karo wong Israel.
Wong mau banjur budhal saka ing kutha Betlehem-Yehuda, arep neneka ana ing ngendi bae janji oleh panggonan; anggone lelaku tumeka ing pagunungan Efraim, ing omahe Mikha.