Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LAYANGE RASUL PAULUS MARANG PASAMUWAN ING KUTHA RUM 9:3 - Kitab Sutji

3 Awit aku iki iya saguh kena ing ipat-ipat, sarta kapegat saka Sang Kristus marga saka para sadulurku, golonganing bangsaku mungguhing daging.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LAYANGE RASUL PAULUS MARANG PASAMUWAN ING KUTHA RUM 9:3
27 Iomraidhean Croise  

pangucape Pak Laban: “Satemene kowe iku isih kulit dagingku dhewe.” Yakub anggone manggon ing omahe Laban wus ganep sasasi.


Sang Prabu temah kaget lan sungkawa banget, nuli minggah menyang lotenging gapura, sarta banjur muwun. Sajrone tindak pangandikane mangkene: “Adhuh anakku engger Absalom, ngger, anakku Absalom! Bok luwung aku bae kang mati dadia lirumu. Adhuh Absalom, anakku, anakku!”


Amargi kadospundi anggen kawula badhe tegel ningali bilai ingkang badhe ndhawahi bangsa kawula? Kadospundi anggen kawula badhe tegel ningali tumpesipun sanak-sadherek kawula?”


Ewasamanten sapunika Paduka mugi karsaa ngapunten dosanipun, dene manawi boten kepareng, nama kawula kemawon mugi Paduka icali saking kitab seratan Paduka.”


Nuwun, para sadherek trahipun Rama Abraham, saha para ingkang sami ngabekti ing Allah, kabar kawilujengan punika sampun kaparingaken dhateng kita.


Menggah prakawis punika panjenenganipun Imam Agung saha Pradata Pinisepuh sapepakipun sami saged paring paseksen, kula inggih kaparingan serat-serat kangge para sadherek ing kitha Dhamsyik, lajeng kesah mrika badhe nyepengi tiyang-tiyang ing ngriku, ingkang sami ngenut margi punika, sami bahde kula bekta dhateng ing Yerusalem supados sami kaukum.


Nanging banjur padha mangsuli: “Kula boten sami tampi serat-serat saking tanah Yudea bab panjenengan, punapa dene inggih boten wonten satunggal kemawon saking sadherek-sadherek kita ingkang mriki martosaken bab ingkang awon tumrap panjenengan.


bab Kang Putra, kang dumados saka tedhake Sang Prabu Dawud mungguh ing daging,


Kang iku aku takon: Apa kirane Gusti Allah wus nampik umate? Babar pisan ora! Awit aku dhewe iya wong Israel trahe Rama Abraham, saka taler Benyamin.


yaiku bokmanawa aku bisa nenangi rasa kumeren sajroning batine para kadangku tunggal bangsa miturut daging, sarta bisa mitulungi rahayu marang panunggalane sawatara.


Salam marang Herodhion, kancaku tunggal bangsa. Salam marang wong kang padha klebu golongane Narkisus, kang ana ing patunggilane Gusti.


Salam marang kowe kabeh saka Timoteus, kancaku tunggal ayahan, lan saka Lukius, Yason apadene Sosipater, para kancaku tunggal bangsa. (


Salam marang Andronikus lan Yunias, sadulurku tunggal bangsa, kang wis tau kinunjara bareng lan aku, klebu wong kang kajen ana ing antarane para rasul, sarta kang anggone dadi Kristen sadurunge aku.


manawa aku nandhang prihatin banget, lan tansah sedhih.


Mulane kowe padha daksumurupake, yen ora ana wong kang calathune marga saka Rohe Gusti Allah kok bakal kandha: “Yesus kena ing ipat-ipat!” lan uga ora ana wong kang bisa ngakoni: “Yesus iku Gusti,” yen ora marga dening Sang Roh Suci.


Sapa kang ora tresna marang Gusti, iku kenaa ing ipat-ipat. Maranata!


Awit saka iku aku kalawan bungah ngetohake barang darbekku, malah ngetohake awakku kanggo kowe kabeh. Dadi manawa aku banget tresnaku marang kowe, masa iya saya suda anggonku ditresnani?


Nanging sanadyan, ta, aku kabeh, utawa sawijining malaekat saka ing swarga martakake marang kowe injil kang beda karo Injil kang wus padha dakwartakake marang kowe, iku kenaa ing laknat!


Kaya anggonku wus padha mituturi biyen, saiki iku dakkandhakake sapisan maneh: manawa ana wong kang martakake marang kowe kabeh injil kang beda karo kang wus koktampani, iku kenaa ing laknat!


Awit kabeh wong, kang uripe saka ayahane angger-anggering Toret iku kabawah ing laknat, sabab ana tulisan mangkene: “Kenaa ing laknat wong kang ora setya anggone nglakoni samubarang kang katulis ana ing kitab angger-anggering Toret.”


Sang Kristus wus nebus kita saka laknate angger-anggering Toret srana dadi laknat piyambak marga saka kita, sabab ana tulisan mangkene: “Kenaa ing laknat saben wong kang digantung ing kayu salib iku!”


He para abdi, manut-mituruta marang bendaramu kang ana ing donya kanthi wedi lan geter sarta kalawan tulusing ati, padha kaya anggonmu manut-miturut marang Sang Kristus,


jisime aja nganti nginep gumantung ing saka mau, nanging poma kakubura ing dina iku uga; awitdene wong kang kagantung iku kena ing laknate Gusti Allah; kowe aja nganti najisake tanah kang diparingake Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe dadi duwekmu.”


Bareng wong Israel padha kesuk ing dina iku, Sang Prabu Saul dhawuh marang rakyat supaya ngucapake ipat-ipat, pangandikane: “Kenaa ing ipat-ipat wong kang mangan apa-apa sadurunge srengenge angslup lan sadurunge males ukum marang mungsuhku.” Mulane ora ana wong siji-sijia kang mangan apa-apa.


Pangandikane Sang Prabu Saul: “Aku muga diganjara paukuman dening Gusti Allah mangkene, malah luwiha saka iku! Lah Yonatan kowe kudu mati.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan