Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LAYANGE RASUL PAULUS MARANG PASAMUWAN ING KUTHA RUM 8:3 - Kitab Sutji

3 Awit bab kang ora bisa ditindakake dening angger-anggering Toret awit saka apese marga dening daging, wus katindakake dening Gusti Allah sarana ngutus Kang Putra piyambak ana ing daging, nyami warni kaya daging kadosan awit saka dosa. Panjenengane wus matrapi paukuman tumrap dosa ana ing daging,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LAYANGE RASUL PAULUS MARANG PASAMUWAN ING KUTHA RUM 8:3
28 Iomraidhean Croise  

Nabi Musa tumuli damel rerekan ula tembaga sarta kapanjer ing cagak; wasana saben wong kang kacakot ing ula, mangka banjur mandeng marang rerekan ula tembaga iku, iku lestari urip.


Sabanjure wedhus berok siji minangka kurban pangruwating dosa, kanggo nganakake pirukun tumrap sira.


Ana begal loro kang disalib bebarengan karo Gusti Yesus, kang siji ana ing tengen, sijine ana ing kiwane Panjenengane. [


Anadene Sang Sabda wus dadi daging sarta makuwon ana ing antara kita, lan aku wus padha nyawang kamulyane, iya iku kamulyan kang kaparingake marang Panjenengane kang jumeneng Putrane ontang-anting Sang Rama, kang kapenuhan ing sih-rahmat lan kayekten.


Wong kang maune wuta iku banjur diundang kang kaping pindhone, sarta diaturi: “Kowe ngurmatana Allah; aku padha sumurup manawa kae wong dosa.”


saha wonten ing Panjenenganipun saben tiyang ingkang pitados, kaluwaran saking sadaya dosa; punika boten saged panjenengan tampeni saking angger-anggeripun Nabi Musa.


Sabab siji bae ora ana wong kang kabenerake ana ing ngarsane Gusti Allah marga saka anggone netepi angger-anggering Toret; awit malah iya marga saka angger-anggering Toret iku wong padha nyumurupi dosa.


Amarga kita padha sumurup yen kamanungsan kita kang lawas iku wus ndherek sinalib, supaya awak kita dununging dosa kita iki sirna panguwasane, lan kita padha ora ngawula marang dosa maneh.


Sabab aku sumurup, yen aku iki, yaiku dagingku, ora kadunungan bab kang becik. Sabab karep iku pancen ana ing aku, nanging dudu bab nglakoni apa kang becik.


Kang ora ngeman Kang Putra piyambak, nanging malah nganti dipasrahake kanggo kita kabeh, apa iya kalakon ora maringake samubarang kabeh marang kita bareng lan Panjenengane?


Awit aku iki iya saguh kena ing ipat-ipat, sarta kapegat saka Sang Kristus marga saka para sadulurku, golonganing bangsaku mungguhing daging.


Panjenengane kang ora tepang karo dosa wus kadosakake marga saka kita, supaya ana ing Panjenengane kita kabenerake dening Gusti Allah.


Sang Kristus wus nebus kita saka laknate angger-anggering Toret srana dadi laknat piyambak marga saka kita, sabab ana tulisan mangkene: “Kenaa ing laknat saben wong kang digantung ing kayu salib iku!”


Lha yen mangkono apa angger-anggering Toret iku sulaya karo kabeh prasetyaning Allah? Babar pisan ora. Sabab saupama angger-anggering Toret kang kaparingake iku bisa nguripake, mesthine kabeneran iku pancen tuwuh saka angger-anggering Toret.


nanging malah wus nyuwungake sarirane piyambak, lan ngagem sipating abdi, sarta wus dadi padha karo manungsa.


Nanging Panjenengane, sawuse misungsungake kurban siji bae marga saka dosa, banjur lenggah ana ing tengene Gusti Allah salawas-lawase,


Sabab srana kurban siji bae Panjenengane wus damel sampurnane para kang kasucekake ing salawas-lawase.


Kang iku sarehne anak-anak iku saka getih lan daging, mulane Panjenengane iya banjur dadi padha karo anak-anak mau lan oleh panduman ing kaanane, supaya marga saka sedane Panjenengane nyirnakake Iblis kang nguwasani pati;


Mulane, ing bab apa bae Panjenengane kudu dipadhakake karo para sadhereke, supaya dadia Imam Agung kang welasan sarta setya marang Gusti Allah, prelu mbirat dosane sakehing bangsa.


Awit Imam Agung kita iku dudu imam agung kang ora bisa ngrasakake sakehing kaapesan kita nanging malah kang padha karo kita; Panjenengane wis ngalami kagodha nanging ora damel dosa.


Panjenengane piyambak wis ngrembat dosa kita ing sarirane ana ing kayu salib, supaya kita sawise mati pisah saka dosa, padha urip cumadhang ing kayekten. Marga saka bilur-bilure kowe wus padha rahayu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan