Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LAYANGE RASUL PAULUS MARANG PASAMUWAN ING KUTHA RUM 8:2 - Kitab Sutji

2 Sang Roh, kang paring urip, wus ngluwari kowe kabeh ana ing Sang Kristus, saka angger-anggering dosa lan angger-anggering pati.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LAYANGE RASUL PAULUS MARANG PASAMUWAN ING KUTHA RUM 8:2
29 Iomraidhean Croise  

Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa damel resiking manah kawula, sarta batos kawula mugi Paduka enggalaken klayan roh ingkang santosa.


Manawa makhluk kang urip iku padha lumaku, rodhane uga padha lumaku, manawa makhluk mau padha mandheg, rodhane iya padha mandheg, sarta manawa makhluk mau padha kaumbulake saka ing bumi, rodhane iya padha katut kaangkat bebarengan karo makhluk-makhluk iku, amarga rohing para makhluk iku dumunung ana ing rodhane.


Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Manawa kowe sumurup ing peparinge Allah, lan sapa wonge kang tutur ing kowe: Aku wenehana ngombe, mesthi kowe kang njaluk marang wong iku, tumuli kowe diwenehi banyu urip.”


nanging sing sapa ngombe banyu pawewehKu, bakal ora ngelak ing salawas-lawase. Malah banyu pawewehKu mau ana ing jerone wong iku bakal dadi sumber, kang mancur terus tumeka ing urip, langgeng.”


Roh iku kang nguripake, daging iku ora ana paedahe. Tembung kang Daktuturake marang kowe iku roh lan urip.


sarta bakal padha mangreti ing kayekten, lan kayekten iku bakal mardikakake kowe.”


Kang iku manawa Sang Putra wus mardikakake kowe, kowe iya padha mardika temenan.”


Salam marang Priska lan Akwila, para kanca tunggal ayahan ana ing Sang Kristus Yesus.


Yen mangkono, apa dhasare gumunggung? Ora ana. Banjur manut waton apa? Apa wewaton panggawe? Ora, nanging wewaton pracaya.


supaya padha kaya si dosa wus nguwasani ing alam pati, mangkono uga sih-rahmat iya bakal masesa marga saka kabeneran kang njalari urip langgeng, marga dening Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.


Sabab si dosa ora bakal nguwasani kowe maneh, marga kowe padha ora kawengku ing angger-anggering Toret, nanging kawengku ing sih-rahmat.


Kowe wis padha kaluwaran saka ing dosa lan dadi abdining kabeneran.


Nanging saiki bareng kowe wus padha kauwalake saka ing dosa lan bareng kowe wus padha dadi abdining Allah, kowe padha ngundhuh woh kang nuntun kowe marang kasucen sarta wekasane iku urip kang langgeng.


Kang iku, aku nemu wewaton mangkene: Manawa aku kepengin nindakake kang becik, kang ala wis cumawis ana ing aku.


nanging gegelitaning badanku kadunungan angger-angger liya kang narungi angger-anggering akal-budiku, sarta njalari aku dadi tawananing angger-anggere dosa kang dedunung ana ing gegelitaning badanku.


Yen mangkono, para sadulurku, kowe iya wis padha mati tumrap ing angger-anggering Toret, jalaran saka sarirane Sang Kristus, supaya kowe dadia kagunganing liyan, yaiku kagungane Panjenengane, kang wus kawungokake saka ing antarane wong mati, amrih kita padha metokna woh, sumaos kagem Gusti Allah.


Kang iku saiki wis ora ana paukuman maneh tumrap wong kang padha ana ing Sang Kristus Yesus.


Kaya kang tinulis, wiraose: “Manungsa wiwitan, Adam, iku dadi titah kang urip. Adam kang wekasan iku dadi sukma kang nguripake.”


Awit Gusti iku Sang Roh; lan ing ngendi ana Rohing Allah ing kono ana kamardikan.


Panjenengane uga kang wus mbisakake aku padha dadi abdining prajanjian anyar, kang ora saka angger-angger kang katulis, nanging saka Roh, sabab angger-angger kang katulis iku mateni, dene Roh iku nguripake.


Awit kula sampun pejah margi saking anggger-anggering Toret kangge angger-anggering Toret supados kula gesang kagem Gusti Allah. Kula sampun ndherek kasalib kaliyan Sang Kristus,


Supaya kita mardika temenan, Sang Kristus wus mardikakake kita. Awit saka iku ngadega kang jejeg lan aja gelem maneh dikalungi pasangan pangawulan.


Padha tulung-tinulungana ing bot-repot! Iya kaya mangkono iku anggonmu netepi ing angger-anggering Sang Kristus.


Nanging sing sapa nliti angger-angger kang sampurna, yaiku angger-angger kang mardikakake manungsa, sarta nganggo diantepi, dadi ora mung ngrungokake banjur lali, nanging nglakoni temenan, iku bakal rahayu marga saka panggawene dhewe mau.


Sawuse telu satengah dina tumuli rohing kauripan saka ing Allah nganjingi layon-layon mau, temahan kang mati banjur padha tangi, agawe banget girise wong kang padha weruh.


Aku tumuli dituduhi bengawan banyu panguripan, kang bening kaya kristal, kang mili metu saka ing dhampare Gusti Allah lan dhampare Sang Cempe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan